PANGRIPTA

Sala, Jawa Tengah, Indonesia
Kula salah setunggaling pawongan ingkang hanggadhahi krenteg nguri-uri kabudayan jawi

Minggu, 30 Januari 2011

SERAT WEDHATAMA

SERAT WEDHATAMA
Karya : Mangkunegara IV
PUPUH I
P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.
02
Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis .
04
Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.
05
Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.
06
Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggon agama suci.
08
Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.
09
Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.
10
Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing siang ratri.
11
Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki.
12
Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas roroning ngatunggil.
13
Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.
14
Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.
PUPUH II
S I N O M
01
Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
03
Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman, neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta, supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah, wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami, Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta, tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
PUPUH III
P U C U N G
01
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara.
02
Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.
03
Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marto tama.
04
Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira.
05
Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.
06
Durung pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
07
Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.
08
Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kaanane nora beda.
09
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar srinata.
10
Basa ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut triprakara.
11
Lila lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa nalangsa srahing Batara.
12
Batara gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora kaya si mudha mudhar angkara.
13
Nora uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta-buteng betah nganiaya.
14
Sakeh luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala ardane ginawe gada.
15
Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
PUPUH IV
G A M B U H
01
Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.
03
Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
04
Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.
05
Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi, Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.
06
Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
07
Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.
08
Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
09
Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10
Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.
11
Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.
12
Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati, atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.
13
Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi, lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.
14
Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling, Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.
15
Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
16
Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
17
Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
19
Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa awor.
20
Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
21
Nging aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi, sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.
22
Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.
23
Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.
24
Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.
25
Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
26
Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila ambeh sadu, weruh wekasing dumados.
27
Sabarang tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.
28
Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
29
Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.
30
Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.
31
Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.
32
Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
33
Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.
34
Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.
35
Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh.
PUPUH V
K I N A N T H I
01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.

Jumat, 28 Januari 2011

SERAT WULANGREH

Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH I
DHANDHANGGULA

01

Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.

02

Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

03

Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.

04

Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

05

Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.

06

Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.

07

Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.

08

Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.

PUPUH II
K I N A N T H I

01

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

02

Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.

03

Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.

04

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

05

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.

06

Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis.

07

Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.

08

Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal, unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki.

09

Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging waong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.

10

Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan becik, tindak bener lan kang salah, kalebu jro caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.

11

Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

12

Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang remit, ingkang ala singgahana, aja niat anglakoni, lan den awas wong kang kojah, ing lair masa puniki.

13

Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.

14

Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana amemedha, angrasa pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.

15

Singakna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sadhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkiorana kaki.

16

Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lan den wedi mring wong tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den estokna, ywa nambuh wulang kang becik.

PUPUH III

G A M B U H

01

Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.

02

Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

03

Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.

04

Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti, adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.

05

Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.

06

Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.

07

Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para tantang candala anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.

08

Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha solahing wong.

09

Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngedelken upase mandos.

10

Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane kajalomprong.

11

Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora eling, yen den gunggung katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun meh mencothot.

12

Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun, rerubo alaning uwong.

13

Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk, kang wong akeh kang sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol sanggap sakehing wong.

14

Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.

15

Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wus weruh amelengos.

16

Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana kang pitados.

PUPUH IV
P A N G K U R

01

Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.

02

Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.

03

Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.

04

Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.

05

Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih

06

Tinitik solah muna, lawan malih ing laku lawan linggih, iku panengeranipun, winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.

07

Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran, mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.

08

Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.

09

Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den simpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.

10

Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.

11

Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana kang madhanana, angrasa luhur pribadi.

12

Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami anglabuhi kang apatut, parapan dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.

13

Aja lunyu lumur genjah, angrong prasanakan nyumur gumuling, ambubuti arit puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu nora kena dipun enut, monyar-manyir tan antepan, dela lemeran puniku.

14

Para panginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong prasanak liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.

15

Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine kang den urap, mbuntut arit punika pracekanipun, apener neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.

16

Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing wateke kangnem prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.

PUPUH V
MASKUMAMBANG

01

Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.

02

Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong tuwa yen duwe watak tan becik, miwah ing tindak prayoga.

03

Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah ing tindak prayoga.

04

Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki iku estokena.

05

Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.

06

Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja ana kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.

07

Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.

08

Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, lan marang sadulur tuwa.

09

Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, pacincene kawruhana.

10

Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badanireki, kinawruhan padhang hawa.

11

Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.

12

Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi, kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, nyalaki becik lan ala.

13

Saking ibu rama margane udani, miwah maratuwa, lanang wadon den bekteni, aweh rasa ingkang nyata.

14

Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.

15

Pan sinembah gegantining rama ugi, pan sirnaning wong tuwa, sadulur tuwa gumanti, inkang pantes sira tuta.

16

Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping papat, marang ing guru sayekti, marmane guru sinembah.

17

Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng antaka madhangken petenging ati, mbeneraken marga mulya.

18

Wong duraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.

19

Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang Murba, ing pati kalawan urip, paring sandhang lawan pangan.

20

Wong neng dunya wajib manuta mring Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wis awirya.

21

Nora putra santana wong cilik, pan padha ngawula, pan kabeh namani abdi, yen dosa kukume padha.

22

Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira angenira sayekti, tan wurung anemu papa.

23

Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki aja, wong suwita nora becik, kudu wruh ing karsanira.

24

Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang pituduhnya, poma estokna sayekti, karyanira sungkemana.

25

Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.

26

Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng Gusti, ngengera sepadha-padha.

27

Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen karya sungkanan nora wurung den srengeni, yen luput pasti pinala.

28

Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri aja ngresula.

29

Pan kinarya dhewe bilahinireki, lamun tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir batin ywa suminggah.

30

Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, pan mung bener agemira.

31

Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire wong rumeksa.

32

Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja.

33

Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.

34

Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, Duduke wuluh kang tampa.

PUPUH VI
DUDUK WULUH

01

Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti, dipun purut sapakon.

02

Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil, pramila wajib den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring parentahe Sang Katong.

03

Aprasasat batali karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, sapirsa suwiteng Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.

04

Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur baya aja ngabdi, angur ngidunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.

05

Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan nora nana kang ngiri, mungkul tutug karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta seba lurahe nganggo.

06

Nanging iya abote wong ngidung iku, keneng patrol pinggir margi,lamun nora patrol nglurung,
keneng lenga pendhak sasi,katru lurahe sabotol.

07

Lan yen ana tetontonan aneng lurung,kemul bebede sasisih,saha mbanda tanganipun, glindhang-glindhung tanpa keris,andhodhok pinggiring bango.

08

Parandene jroning tyas kaya tumenggung, mengku bawat Senen Kemis, mankono ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning Sang Katong.

09

Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun, nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi katong.

10

Samubarang ing karsaning Sang Prabu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, lamun wong kang padha ngabdi, panggaweyane pan seyos.

11

Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri lawan miji, panglaweyan miwah pajang, tuwin kang para prajurit, kang nambut.

12

Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino kang amarengi, wiyosanira sang Prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.

13

Yen kang lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran den incih, lamun nora yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip, yen wus mangerti ingkang wong.

14

Tan mangkono etunge kang wus sumurup, yen iku nora pinikir, ganjaran pan wus rumuhun mung amamrih sihing Gusti, winales ing lair batos.

15

Setya tuhu barang saprentah manut, ywa nglegani karseng Gusti, wong ngawula paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma lumampah sapakon.

16

Dening beja cilaka utawa luhur, asor luhur wus pasti, ana ing bebadanira, aja sok anguring uring, Gusti nira inggih Sang Katong.

17

Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring Gusti tuwin Hyang Widdhi, dening ta sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring badan tan kena megoh.

18

Tulisane lokhil makful kang runuhun, pepancene kang wus pasti, tan kena owah sarambut, tulise badanireki ywa ana mundur sapakon.

PUPUH V
D U R M A

01

Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.

02

Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.

03

Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.

04

Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.

05

Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.

06

Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.

07

Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira eling-eling, aja sugih waonan,
den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.

08

Ingkang eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja, mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.

09

Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.

10

Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing pangalemira, pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.

11

Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.

12

Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.

PUPUH VI
WIRANGRONG

01

Den samya marsudeng budi, wuweka dipun was paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadya mung sekecap, yen tan pantes prenahira.

02

Kudu golek masa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den kaesthi, aja age kawedal, yen durung pantes lan rowang.

03

Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.

04

Lan welinge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana itungan prakara, supata ginawe dinan.

05

Den padha gemi ing lathi, aja ngakehke pepisoh, cacah cucah erengan ngabul-abul, lamun tan lukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.

06

Lawan padha den pakeling, teguhna lahir batos, aja ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi, karsa rewang sapasang, miwah maring pasanakan.

07

Gawe salah graitaning, ing liyan kang sami anom, nadyan lilaa lanangipunkang angrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.

08

Gawe salah graitaning, ing liyan tan sami anom, nadyan lilaa lananganipun, kang ngrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.

09

Tan wurung dipun cireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padhasuda, pangandele mring bendara.

10

Anu cacat agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakwan iku akeh pun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.

11

Kaping sakawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung batine den etang, alumuh lamun kalonga.

12

Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.

13

Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen pan tumanggal, ulate teka sumringah.

14

Dene wong durjana ugi, nora ana den batos, rina wengi mung kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, lamun wateke durjana.

15

Dene bebotoh puniki, sabarang pakaryan lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen pawitan enting
tan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.

16

Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun edol, lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bopati, wewah tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.

17

Kepatuh pisan memaling, tiniteran saya awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggegulang ngabotohan.

18

Dene ta wong akng madati, sesade kemawon lumuh, amung ingkang dados senengipun, ngadep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leleyang bebuden.

19

Yen leren nyeret, netrane pan merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut biru toya, lambe biru untu petah.

20

Beteke satron lan gambir, jambe suruh arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestop boliro.

21

Yen mati nganggo ndalinding, suprandene npra kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni, wong mangan apyun ala, urpe dadi tontonan.

22

Iku kabeh nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak, kang wani nerak tan manggih arja.

23

Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum, sajeng tanpa masa iku, dadi lire ugi, angombe saben dina, pan iku watake ala.

24

Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli corah, pan wus lumprahing wanita.

25

Tan bisa simpen wewadi, saking rupake ing batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.

26

Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo weh manfaat, kaya Pucung lan kaluwak.

PUPUH VII
P U C U N G

01

Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den awas, aja dumeh bisa angling, den apantes masa kalane micara.

02

Nadyan namung sakecap yen nora patut, prenah ing wicara, sadurunge den kaesthi, awasane semune rewang alenggah.

03

Lawan aja sok metua wong celathu, aneng pasamuwan, ora pantes kang kawiji, ora ana kang kasimpen ing wardaya.

04

Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen wus melu nora kena tinututan.

05

Milanipun den prayitna wong celathu, aja sok supata, pan dadi regeding urip, yen micara larangana ngucap tobat.

06

Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha, den gemi wedaling lati, masa mangke supata ginawa dinan.

07

Akeh tiru pangucap saru rinungu, anut ukaning tyas, tan ana kang angukumi, ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.

08

Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah cucah, anyenengi batur sisip, yen duduka den dumeling sisipira.

09

Iku padha den teguhana den kukuh, lawan aja sira, angalap randhaning abdi, miwah sanak kanca satunggal sapangan.

10

Gawe salah graita kang padha ngrungu, sanadyan lilaa, iya kang anduwe rabi, sanakira ilang pitayaning mana.

11

Nora wurung sinebut kalamun rusuh, batur ira padha, suda pangandeling batin, mring bandara masa kuranga parawan.

12

Lawan aja cacad ingkang luwih agung, pan patang prakara, ingkang dingin wong madati, pindho botoh ping telune wong durjana.

13

Kaping pate wong budi saudagar tambah, sabarang prakara, mung mungkul suka lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.

14

Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus, kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, durung marem yen durung simpen saleksan.

15

Mung sukane yen ana dhedhayoh muncul, nggawa gandhen emas, anenembung utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah.

16

Wong durjana kang kaesthi siang dalu, mung wong sugih arta, kang den incih den malingi, luwih ala-alane budi durjana.

17

Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu dura, lamun pawitane enting, ora wurung nggegampang duweking sanak.

18

Nora etung wasiyate kaki buyut, tan nganggo den eman, barang wesi tumbak keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.

19

Lamun menang angkuhe kaya wong agung, belaba aloma, tan anganggo ngeman picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.

20

Dene lamun kabutuh tanwurung nguthuh, mring tetangganira, yen kalimpe denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.

21

Dene yen wong madati keset tur angkuh, barang gawe sungkan, kang dadim kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.

22

sarta nyekel bedutane den elus-elus, angedhep pangeran, leren nyered banjur dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.

23

Lamun ana rewange wong nyeret iku, ingkang karujukan, crita cinrita pra gaib, para rasa sastrane ingkang rinasa.

24

Sira ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu, andangi sabarang, nora nganggo wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.

25

Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong kekurangan, pikir peteng susah ati, suka bungah adhangan akale ndara.

26

Yen wus ndadi nyerete awake kuru, mesem ulatira, njambut wadi saking warih, lambe biru untu putih arang nginang.

27

Tenmenipun satronjambe gambir suruh, injet lan mbakonya, kinira yen wedi getih, tan angandel puniku mewani cahya.

28

Nyeret lawas ambekane melar mingkus, jelagra neng dadha, watuke saya gumugil, yen agering ndalinding metu bolira.

29

Iya iku alane wong mangan apyun, uripira dadya, tontonan padhaning jalmi, singgahana wewaler telung prakara.

30

Ana maning wewaler aja sok wuru, nora nganggo masa, endi lirira puniki, nginum sajeg puniku watake ala.

31

Yen amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg pikirnya, sabarang angrasa wani, tinemenan wekasane dadi ala.

32

Lawan aja karem mring wanita ayu, kang ala anggepnya, lan aja mbukak wewadi, mring ngarsaning wanita tan wurung corah.

33

Sampun lumrah ing wanita datan brukut, asimpen raharja, saking rupake ing batin, apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.

34

Nitahaken pawestri pan kinaryeku, ganjaraning priya, kabeh padha den nastiti, mring pitutur sayekti kudu prayitna.

35

Aja dumeh pitutur kang tanpa dapur, yen becik bakalnya, den anggowa manfaati, aja kaya Pucung kalawan kaluwak.

Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun kasekaraken Pucung 22 pada sekar.

PUPUH VIII
P U C U N G

01

Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah pisah.

02

Den budiya kepriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.

03

Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.

04

Aja kaya sadulur memanise dipun runtut, oja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.

05

Abot enteng wong duwe sanak sadulur, ji tus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.

06

Luwih abot wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing karsa.

07

Lamun bener apinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.

08

Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping karya.

09

Kang saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age bendanana.

10

Datan mari bebendon nggone malincur, age patrapana, sapantese dosaneki, mring santara darapon dadi tuladha.

11

Nadyan iya wong cilik pasti piturut, kang padha ngawula, dimen padha wedi asih, pan mangkono lakune wong dadi tuwa.

12

Den ajembar anggonira amangku, den pindho sageta, tyase amot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.

13

Pan sadulur tuwa wajibe pitutur, mring kadang taruna, kang anom wajibe wedi, dipun manut tuture sadulur tuwa.

14

Kang tinitah dadi anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula ngowai kodrating Suksma.

15

Nadyan bener yen wong anom dadi luput, dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing beji, awening tingale aja sumunar.

16

Lan maninge pan ana pituturingsun, yen sira amaca, sabarang layang den eling, aja pijer ketungkul ngelingi sastra.

17

Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik si ra a- nggawa.

18

Ingkang ala rasakena dadi luput, supaya tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik wiwitane kawruhana.

19

Wong kang laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono ugi
ing wekasanipun teka dadi ala.

20

Ing sabarang prakaran dipun kadulu, wiwit wekasanya, bener luput den atiti, ana becik wekasane dadi ala.

21

Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi becik ing wekasanira.

22

Ewuh temen babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wasise basa raharja.

PUPUH IX
M I J I L

01

Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk.

02

Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.

03

Lan dimantep mring panggawe becik, lawan wekas ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah marang Hyang Widhi, ing badan punika, wus pepancenipun.

04

Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon, lan ana wong narima titahe, wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja seling surup.

05

Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima nora becik
dene ingkang becik, wong narima iku.

06

Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.

07

Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.

08

Nanging arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.

09

Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.

10

Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi tyase Sariah, kasusu ing angkuh.

11

Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, sanadyan narima ing Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.

12

Wong tan narima pan dadi becik, tinitah Hyang Manon, iku iyo rerupane, kaya wong ingkang ngupaya ilmi, lan wong nedya ugi kapintaranipun.

13

Iya pangawruh kang den senengi, kang wus sengsem batos, miwang ingkang kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis, nora kanggo lathi, kabeh wus kawengku.

14

Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira pitados, ing kapinterane ing undhake, utawa unggahe kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.

15

Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih awon barang gawe aja age-age, anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi resik tur rahayu.

16

Lan maninge babo dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngemplak emplak, iya marang kang jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.

17

Kang jumeneng iku ambawani, karsaning Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.

18

Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.

19

Nanging kaprah ing masa samangkin, anggepe angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing batine datan nedya eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.

20

Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan mengkuh, saking durung batin ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin, dhasar tan paduli, wuruking wong sepuh.

21

Dadine sabarang tindakneki, arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane, arip crita tan ana kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa dhapur.

22

Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi sinelir, pinter tanpa wuruk.

23

Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon, apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu pandadi pikukuh.

24

Kacek uga wong kang tanpa ilmu, sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge, sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.

25

Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang sayektos, kawruh tetel wus kawengku kabeh, kang sarengat kanggo lair batin, mulane den sami, brangta maring ilmu.

PUPUH X
ASMARANDANA

01

Padha netepana ugi, kabeh parentahing syara, terusna lair batine, salat limang wektu uga, tan kena tininggala, sapa tinggal dadi gabug, yen misih remen neng praja.

02

Wiwitane badan iki, iya saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.

03

Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan ngalakanana, datan wurung nemu bebendu, mula padha estokeno.

04

Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana, rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.

05

Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal lamun pinangan, yen manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.

06

Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes neng dunya, siang dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.

07

Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas calak lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja ngepak,
lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.

08

Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku kajinan, pan nora nganggo murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.

09

Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh ing tata, ngunggulaken satriyane, lamun karem pinondhokan, anganggowo jajaran, yen niyat lung anawur, aja ndhodhoken manusa.

10

Denene wedi sarta sih, anggonira mengku bala, miwah yen angran ing gawe, den abisa minta-minta, karyane prawadyanira, ing sagawe gawenipun, ing karyanira prayoga.

11

Sarta kawruhana batin, gegantunganing pratopan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, nggone nglakoni karya ywa, dumeh isih sireku, lamun leda patrapana.

12

Nadyan sanak antaneki, yen leda hya pinatrapan, murwaten lawan dosane, darapon padha wediya, ing wuri awya padha, angladeni kayaniraku, aja pegat den warata.

13

Lan meninge suta mami, mungguh anggering kawula, den suka sukur ing batos, aja pegat ing panedha,
maring Kyang kang misesa ing, rahina wenginipun, mulyaning Nagara kita.

14

Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat, nenedha mring Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.

15

Iku wewalesing batin, mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyadhang ing karsa,
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.

16

Gumantung karsaning Gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk palungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.

17

Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.

18

Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.

19

Pamrihe gelise bathi, nadyan besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.

20

Poma padha dipun eling, nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.

21

Wong desa pan aja ngesthi, anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den owah dimene, tulus nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.

22

Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja kongsi rekasa, kang wani kalah rumuhun, kurang pajeg srantekena.

23

Lamun tan mangkono ugi, karem masesa wong desa, salin bakul pendhak gawe, pamitunge jung sacacah, bektine karo belah, temahan desane suwung, pyayine jaga pocetan.

24

Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.

25

Nonoman ing mengko iki, yen dituturi raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana, ewuh yen nuruta, malah mudhar pitutur, pangrasane pan wus wignya.

26

Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang carita, rungokena saunine, ingkang becik sireng gawa,bawungen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.

PUPUH XI
S I N O M

01

Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.

02

Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.

03

Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana undaking kabisan.

04

Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.

05

Nanging padha estokana, pitutur kang muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

06

Lan aja nalimpang padha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.

07

Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil,
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.

08

Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.

09

Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan.

10

Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.

11

Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana.

12

Yen aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen warna beda.

13

Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.

14

Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.

15

Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira tunggal.

16

Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.

17

Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa udani, apan ana dalile kang wus kalawan.

18

Marang leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.

19

Tampane nganggo alingan, pan padha alaku tapi, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.

20

Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.

21

Lan maning ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.

22

Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.

23

Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.

24

Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena.

25

Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit,
nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi,
pan prayoga satedake sinauwa.

26

Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki,
tan rinilan ujung astana ing Betah.

27

Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih,
mring satedhak turunira linarangan.

28

Dhahar apyun nora kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni,
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.

29

Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lelani,
ngawe andel ugi, wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.

30

Wonten waler kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.

31

Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan paying dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.

32

Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.

33

Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.

PUPUH XII
G I R I S A

01

Anak putu den estokna, warah wuruke pun bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning nala.

02

Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira,
lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.

03

Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing umurira ingkang cedhak, lan kang dawa, wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus ana.

04

Iku padha kawruhana, sesikune badanira, aywa marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.

05

Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam takokeno.

06

Sunat lan perlu punika, perabot kanggo sadina, kaki iki dipunpadhang, tatakaniro den terang, lan aja bosen jagongan, marang kang para ‘ulama, miwah wong kang wus sempurna, pangawruhe mring Hyang Suksma.

07

Miwah ta nagara krama, tindak tanduk myang bebasan, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tiba ing madya, lawan kang timbang utama, iku sira takokena, ya marang para sujana, miwah wong kang tuwa-tuwa.

08

Kang padha bisa micara, tuwin kang ulah susastra, iku pantes takanana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra utawa saking carita, ingkang kinarya gondhelan, amemuruk mring wong mudha.

09

Lawan sok kerepa maca, sabarang layang carita, aja nampik barang layang, carita kang kuna-kuna, layang babat kawruhana, caritane luhuriro, darapon sira weruha, lelakone wong prawira.

10

Miwah lelakone padha, kang para Wali sadaya, kang padha antuk nugraha, angsale saking punapa, miwah kang satriya, kang digdyana ing ayuda, lakune sira tiruwa, lelabetan kang utama.

11

Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira wruha.

12

Yen durung mangerti sira, caritane takonana, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta dipun elingan, sabarang ingkang kapiyarsa.

13

Aja na tiru ing bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe graita, ketungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, mring pitutur kang prayoga, kabe padha anyakepa.

14

Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, den padha sugih berana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapedhotan tresna.

15

Padha sami den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking bapa, Hyang suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.

16

Den bisa nampani padha, mungguh Sasmitaning suksma, ingkang dhawuh marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku peparing Hyang Suksma.

17

Paring peling maring sira, tinuduhken ing dedalan, kang bener kang kanggo uga, ing dunya ingkang sampurna, mugi anak putu padha, anaa dadi tuladha, ing kabecikan manusa, tiniruwa ing sujalma.

18

Sakehing wong kepengin, nira solah bawanira,marang anak putu padha, anggepe wedi asih, kinalulutan bala, kadhepa saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.

19

Didohna saking duraka, winantuwa ing nugraha, sakehe anak putu padha, ingkang ngimanaken samya, marang pituture bapak, Alloh ayem badanana, ing pandonganingsun mapan, ing tyasingsun wus rumasa.

20

Wekasingsun supaya surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih marang imbulnya, pira lawase neng dunya, ing kauripaning jalma, masa nganti satus warsa, iya umuring manusa.

21

Mulaningsun muruk marang, ing kabeh atmajaningwang, sun tulis ngong wehi tembang, darapon padha rahaba, nggonira padha amaca sastra ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi elinga.

22

Lan nuli pada elinga, kaya leluhure padha, digdaya betah ing tapa, sarta waskitha ing nara, ing kasampurnaning gesang, patitis tan kasamaran, iku ta panedhaning wang, kang muga kelakonana.

23

Titi tamating carita, serat weweling mring putra, kang karya serat punika, Jeng Sunana Pakubuwana, Surakarta ping sekawan, ing ngalin panedhanira, kang amaca kang amiyarsa, yen lali muga elinga.

TAMATING PAMANGUN

Telasing panuratira, ping Rong Puluh ing Muharam Kamis Pon Taun Jimawal. Bumi Karta Saptaringrat (1741). Kapitu Adidaha, obah kawula.

WEJANGAN SUNAN BONANG


KITAB PRIMBON SUNAN BONANG

Bismi’llahi’rrah’mani’rrahimi, wa bihi nasta’in
alhamdu lillahi rabbil alamin,
wa shalatu ‘ala rasulihi Muhammadin wa washabihi ajma’in.

Sunan Bonang

Nyan punika caritanira Shaich al Bari : tatkalanira apitutur dateng mitranira kabeh ; kang pinituturaken wirasaning Usul Suluk – wedaling carita saking (2) Kitab Ihya ‘ulum aldin lan saking Tamhid – antukira Shaich al Bari ametet ®) i(ng) ti(ng)kahing sisimpenaning nabi wali mukmin kabeh.

PUPUH I

Mangka akecap Shaich  al Bari – kang sinalametaken dening pangeran : e-Mitraningsun! sira kabeh den sami angimanaken wirasaning Usul Suluk i(ng)kang kapetet ti(ng)kahing anakseni ing pangeran ; miwah kawruhana yan sira pangeran tunggal, tan kakalih; saksenana yan sira pangeran asifat saja suksma mahasuci tunggalira, tan ana papadanira, kang mahaluhur. e Mitraningsun ! den sami amiarsaha, sampun sira sak  malih ; den sami aneguhaken, sampun gingsir idepira.

Iki si lapale tingkahing anakseni ing pangeran : Wa ash’hadu an la ilaha illa llahu wah’dahu, la sharika lahu wa ash;hadu anna Muhammadan rasulu llahi”.

(3) Tegese ikU: ingsUn anakseni | kahananing pangeran kang anama Allah, kang asifat saja suksma, langgeng kekel wibuh  sampurna purba qadim sifatira mahasuci, orana pangeran sabenere anging Allah uga, pangeran kang sinembah sabenere kang agung.

e-Mitraningsun ! sang siptaning lapal “ora” iku: dening sampun awit  itbat karihin, nora malih anaksenana i(ng)kang nora yakti ; tanpa wiyos  idepe wong iku mene.

Kalawan ingsun anakseni yan baginda Muhammad kawulaning Allah kang sinihan, ingutus agama islam iya iku i(ng)kang tinut dening nabi wali mukmin kabeh.

e-Mitraningsun ! karana satuhune lapal “nora” iku: nora malih angorakena satuhuning Allah pangeran, nora malih angorakena pange(ra)n siya siya – tegesing siya siya (4) iku kadi ta ana | peken barang kakasihe: nora malih. Yan mo(ng)konoa salah tunggal den orakena kupur uga wong iku mene.

Kewala  si lapal “nora” iku: sikeping wong kang sinung wasil paningale kang antuk pastining iman sakadare ika. Kewala lapal „nora” iku: i(ng)kangandelingaken mahasucining pangeran jan tunggal tanpa  kufu’ iku siptane kang anduweni sabda iku.

Lan norana papadaning Allah pangeran. E-Mitraningsun Sang siptane lapal kang ingorakaken iku iya i(ng)kang orana pisan papadaning Allah pangeran. Tegesing sang sipta iku : dening mantep ananira uga kang andelingaken ing mahasucinira ing piambekira, mapan orana kang Iyan  saking Allah pangeran. Kaya apa ta idepe wong iku mene yan anaha papadaning pangeran, duk sadurunge angucap (5) “orana pangeran” iku, | wus pasti ing idepe yan anging Allah pangeran kang sabenere, kang sinembah kang pinuji kang tunggal andadeken satuhune kang agung.

Mangka a(na)bda Shaich al Bari: e-Mitraningsun! karana i(ng)kang napi iku sawusing itbat, karana, duk angucap: “orana pangeran” iku, wus awit itbat: “anging Allah uga pangeran kang sabenere”. Iku salamete ujar iku.

Anapon kaping  kalih, kang ingitbataken i(ng)kang anama Allah kang asifat saja purba langge(ng) kekel agung mahasuci : iku wiyos ing napi-itbat. Utawi pastining napi-itbat iku lungguhe ing kawula uga. Kang ingitbataken ta kahananing Allah uga kang asifat saja, mapan saos kang inganakaken lan kang ingorakaken – iku sang sipta – tan Iyan ananira uga, kang andelingaken (6) maha | sucining piambekira, kewa(la) si pangestuning kawula iku anut umiring saking pangakening wah’dahu la sharika lahira anakseni ing tunggal ing katunggalaning mahasucini(ng) piambekira.

Mangka anabda Shaich al Bari: e-Mitraningsun ! karana satuhune ingsun anakseni: anging Allah pangeran kang sabenere kang anitah angreh ing sembah puji kabeh dadi syuh sirna paningalingsun ing jiwaraga iki ; tuwi si  ing sembah puji ika, anging kang saja mahasuci kewala langgeng amuji pinuji ing pamujinira, tan owah tan gingsir, tan asifat waliwali  saja purba tanpa wiwitan tanpa wekasan.

PUPUH II

e-Mitraningsun! aja sira kadi ujaring wong sasar : iki si ujaring wong sasar iku, AbduI Wahid arane : mangka angucap AbduI Wahid ibnu Makkiyyah – anak pandita Mekah – ika, atunggul sastra  tan (7) | apatut  kalawan tegese : iki si lapale :

“Al’atlu qadimun wa huwva nafsul mutlaqi wa huwa dhatu’llahi ta’ala”.

Tegese: kang liwung saja iku, iya iku dhatu’llah, sabener-benere pangeran kang sinembah.

walakin laisa lidhatihi waqifun,

tatapi ta napining Allah liwunging Allah iku nora (wikan) yan suwunga.

Walakin(na) qabla chalqi(l) rasuli Muhammad(in),

tatapi ta sadurunging andadeken  nabi Muhammad anging sira pangeran kang ana dewek tanpa rowang, norana kawula sawijia, kadi ta angganing sungging sadu runging andadeken, panuli(s) sadurunging anulis : ija iku tegesing liwung napi  dhatu’llah nora ing devveke, norana i(ng)kang angawikanana  ing dewekira, norana (ingkang) amujia ing anane anging sifate amuji ing (8) date – iku sadurung(ing) andadeken | rasulullah – norana sakutunira nora kaya apa : kaya iku liwung napi dhatu’llah. Anapon sawusing andadeken rasulullah iku mina(ng)ka kanyatahan ing dhatu’llah, ija rasulullah iku saosik lawan dhatu’llah iya, iku i(ng)kang awertaha pardana kabeh iya i(ng)kang pardana iku saosik lawan sih nugrahaning Allah iya sakatahing dumadi iki mina(ngka) tuduhing Allah”.

Mangka anabda Shaich al Bari : e-Mitraningsun ! pamanggihingsun ta nora mongkono kaya Abdul Wahid iku. Karana satuhune pangucape Abdul Wahid iku kupur ing patang madh’hab. Dhatu’llah denarani napi  nora ing deweke, kalawan sira pangeran den arani durung andadeken ing rasulullah, durung andadeken ing sawiji-wiji : iku kupure. Karana satuhune kahananing (9) pangeran saja purba | karihin sadurung ana(ning) rasulullah kalawan sadurung ananing sawiji-wiji kahananing Allah mahasuci lan sasifatira chaliq, ananira saja langgeng amuji pinuji ing piambekira purba tan asipat waliwa(li), mapan langgeng kekel ananira mahasuci, tan bastu-jisim tanpa timbangan,  tanpa lalawanan rehing langgeng ananira mahasuci.

Mangka anabda Shaich al Bari : e – mitraningsun! Abdul Wahid angucap: kang liwung den tegesaken maring ora : ikupon kupur, karana tegesing liwung iku suksmaning pangeran mahasuci saja ananira, tan ana wikana ing suksmanira tan Iyan piambekira uga punika reke  tegesi(ng)kang liwung saja wruh ing suksmanira piambek.

Kadi ta kecping Abdul Wahid sakatahing dumadi denarani tuduhing Allah : ikupon kupur. Satuhune (10) tegesing tuduh iku | sifatullah, utawi anuduhaken iku sifat nugrahaning Allah : iku ana korup ing paekan tuduh lan anuduhaken iku dadi ingaran salwiring dumadi iki tilas kanyatahaning tuduh sipat nugrahaning Allah ika tan ana i(ng)kang akarya;

PUPUH III

e – Mitraningsun ! ana si kecaping wong sasar satengah; „i(ng)kang ana iku Allah; i(ng)kang ora iku Allah” , den  tegesaken oraning Allah iku nora andadeken. I(ng)kang angucap iku kapir. Kang nora denarani ana gawene, den tegesaken: kang ora iku andelingaken mahasucining pangeran, nora dumeling mahasucining pangeran iku. Yan tan anaha, nora karane dumeling mahasucining pangeran iku dening ora, kadi ta angganing wong alinggih dewek ing asepi kederan dening ora. Iku njata(ne) Yen (11) sasar. | Mahasuci sira pangeran saki(ng) kadia kecap iku!  Karana satuhune sira pangeran kang mahatinggi kang mahaluhur suksma mahasuci tan kadihinan dening ora, tan sarta kalawan ora, tan kederan dening ora rehing langgeng ananira mahasuci pastine tanpa tuduhan.

e-Mitraningsun ! mboya kang ora iku – kaia wirasaning sastra  kadia sipating pangeran sifatulsalbi, tegese : sifating pangeran mahasuci lan kadi sawiji-wiji.

Anapon lam(pahing) salab iku : dudu malih sifating pangeran dudu malih sifating machluq, kewala si salab iku tantan andelingaken padudoning kawula gusti, tegese : sifating pangeran tan kadi sifating machluq sifating machluq tan kadi sifating pangeran, tatapi ta salab iku nora jan (12) angemaha dat, dat sipating pangeran sami angema salab, | beda salab iku lan kang ora iku – kang tan kinarsaken dening Pangeran – dadi nora andelingaken mahasucining pangeran : iku pamanggihingsun ing sastra. Utawi i(ng)kang andelingaken mahasucining pangeran iku sarira  kanugrahan saking sih nugrahaning pangeran uga : iku kang angestoken anut umiring saking (sih) pangakenira andelingaken mahasucinira yan tunggal tan kakalih. Iku wiyosing anakseni ika, mapan sabdaning wong ‘arif ika nora anguninga napi itbat malih anging wiyose kewala kang ingitbataken :  iya kadi iku wiyose sampurnaning napi itbat iku dening sampun anunggal paningale.

Mangka anabda Shaich al Bari kang sinung rahmat dening pangeran; singgih puniku kang atuduh marga agung abener  :  e-Mitrani(ng)sun ! kalawan ingsun (13) anakseni satuhune anging | Allah kang asifat saja asih anjateni tan antara sapolahi(ng)kang sinihan, amenuhi sih nugrahanira dadi nir anani(ng)kang sinihan tan sah anut i(ng)gek ing sihing dhatu’llah Iku wiyosing panarimani- (ng)kang lewih lewih ika, karana reke yan tan mangkanaha, wiyose idepe wong iku nispra tur ajnyana, tan wruh ing wadine.

Mangka matur Rijal  ing Shaich al Bari : Sarwia subakti, ya guru amba ! anenggeh  ta reke osiking jiwaraga puniki sarta lan sih nugrahaning pangeran?.

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Iya ujarira iku anging maksih amilang paekan, ingsun ta, Rijal, ora mongkono. Osiking jiwaraga iku enir, anging dhatu’llah kewala kang angandeh anirnaken anam(ng)kang sinihan ika, mapan ta reke panarimani(ng)kang lewih lewih iku saos(s)aosing martabating pamanggih : kang (14) pinanggih | ananira kang tunggal tanpa kufu’ kang asifat saja (mahasuci) sasifatira apaekan kadi asma’nira, sangangpuluh (sa)sanga(ng) jangkep dateng nama Allah. Tegese (sangangpuluh) (sa)sanganing tunggal tegese paekaning sasifatira tan Iyaning ananira uga.

Mangka matur Rijal : sarwia subakti, anuhun i(ng) jeng, ya guru amba, Shaich al Bari ! Kadi punendi ing tampa tegesing dalil :  “tekane saking Allah ulihe maring Allah”?

Ma(ng)ka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Tegese : puji saking Allah (kang) pinujeken anging Allah, tegese : paningal saking Allah kang tiningalan anging Allah. Iku salamete. e Rijal! ujaringsun ta : tekane saking tan Iyan, ulihe maring tan Iyan.

Mangka matur Rijal : ya guru amba! kadi punendi siptane andika tuwan puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari) : e Rijal! Tegese : ujaringsun iku sang sipta kadi ta upamaning angilo (15) anane osike tingale | wawayangan ika kang angilo uga iku tegesing “saking” ika. Anapon tegesi(ng) “tan Iyan” kang angilo andulu dinulu tan Iyan pandulunira uga. Iku wiyose ujaringsun iku.

Mangka anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! Kadi ta ujaring Shaich Abdul Wahid : “sira pangeran denarani dereng andadeken ing sawiji-wiji lan durung anjateni ing rasulullah, pangucape Shaich Abdul Wahid iku kupur. Kadi apa ta sira pangeran andadeken iku awiwitana awekasana? Karana satuhune kahananing pangeran kang mahaluhur asifat saja agung mahasuci langgeng kekel andadeken anjateni purba qadim tan asifat waliwali tan owah tan gingsir tanpa wiwitan tanpa wekasan rehing  langgeng ananira mahasuci.

(16) Mangka anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! | Lan ingsun anakseni kahananing Allahu ta’ala asifat saja asih anjateni anir(n)aken a(ng)ganteni ing sasolahing sarira kanugrahan dadi enir ananing sarira kanugrahan kaganten kalingan anane dening wibuhing sih, kahanani(ng)kang anjateni kewala kang angalingi anging ananira uga kang asifat saja urip wruh kawasa aningali amiarsa akarsa anabda purba mahasuci langgeng kekel ame(ng)ka tan owah tan gingsir amuji-pinuji asih sinihan ing piambekira.

e Mitrani(ng)sun ! Iki si lapale :shahidtu nafsi,tegese : sira pangeran anakseni ing mahasucining piambekira agungaken i(ng) sifat kahananira purba ing dewekira tunggal ing katunggalanira agung ing kagunganira ratu. ing karatonira langgeng amuji-pinuji i(ng) piambekira.

(17) Mangka anabda Shaich al Bari : | e Mitraningsun !  Iku sampurnaning anakseni i(ng)kang kapeta ing shahadat ika, iku wiyosi(ng)kang winuwus akeh-akeh ika.

PUPUH IV

Mangka matur Rijal : sarwia subakti, ya guru amba!

Kadi punendi wirasaning sastra punika : mas’alah ‘ishq ‘ashiq ma’shuq?.

Mangka anabda Shaich alBari: e Rijal ! Tegesing ishiq iku sifatira, tegesing ‘ashiq iku ananira, tegesing ma’shuq iku af’al ira, mapan paekaning sasifatira tan Iyaning ananira, mapan sasifatira sarta andadeken tan anantaranira anani(ng)kang agawe lan kang ginawe, tan ana kari karuhun, tegese :  tansah ing karsa  parekipun kadi sartanira andadeken chaliqu’Imachluq kun fa yakun, iku tegesing sarta kang agawe kalawan kang ginawe, mapan sadurung inganaken ananingkang jinaten lan anani(ng) kabeh iki, uwus pasti ing kawruhira tekani(ng) waktune (18) dadi ing | mangko, iki tan siwah ing karsanira.

e Rijal! ingsun ta mengkene : kang ‘ishq-dhatu lah, kang ‘ashiq-dhatullah, (kang) ma’shuq-dhatullah.

Mangka matur Rijal: ja guru amba! Kadi punapa sang sipta andika tuwan puniku?

Ma(ng)ka akecap Shaich alBari : e Rijal ! tegese ujaringsun iku ishq-dhatullah : birahi ing ananira, tegesing ‘ashiq-dhatullah : kang biniraheken ananira, tegesing ma’shuq-dhatullah : kang birahi tan Iyaning ananira uga. Ika ta ingidep dening tan amarna paekan malih. Iku salamete, nora kaja ujaring wong sasar mangkana kecape : tegesing ‘ishq‘ashiq iku duk durung birahi, tegesing duk lagi birahi, tegesing ma’shuq ambiraheken iku ija ruh idafi iku ma’shuq ing af’alullah. Kang angucap iku kupur!

PUPUH V

Ana wong sasar malih angucap : iya namane iya karsane, (19) iya namane iya date, iya dat(e) iya | karsane. Iku amor ing  paekan, tan wruh ing panunggale : iku karane (yen) sasar.

Mangka anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! Ana kecaping wong sasar malih, K a w i b a t a n i y a  arane, atu(ng)gul sastra, anging tan apatut lan tegese, tan apatut lawan budi, miwah ing Usul Suluk, kadi ta ing Tamhid, ing Ihya ‘ulum aldin norana kapanggih dening-sun – iku nyatane yen sasar!  kadi angrupakaken sifating pangeran, kadi angapesaken sifating pangeran, kadi akecap : sakatahing dumadi iki sifating Allah, kadi anganakaken ingkang nota, kadi ama’dumaken ing Allah  iku kupur !  ; akecap : endi sifating Allah? kang angucap iku dadi kapir.

Tegese angapesaken i(rig) sifating pangeran : sifating pangeran ora mateni ora andadeken ora anjateni ora weh (20) rijeki pasti kang | angucap iku dadi kapir dening anganakaken ingkang ora. Tegese (iku) ama’dumaken ing pangeran angucap : Allahu ta’ala ora ing deweke, ma’du(m) binafsihi - kang angucap iku dadi kapir.

Ma(ng)ka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi puniku, dadia kapira pun temen puniku i(ng)kang akecap mangkaten punika?

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Kang angucap iku kapir tenien – Allahu ta’ala denarani ora andadeken lan angapesaken sifating pangeran, lan amurbaken ingkang ora, lan amor paekaning sifating pangeran : mapan narakane kang angucap iku awet kapetekaneng dasaring narakani(ng) wong kapir.

Tuwin antepe kawruhe wong mongkono iku : paningal(e) iki paningaling Allah, sifate iki sifating a) Allah, pakarjane (21) iki pakaryaning Allah, pangucape iki pangucaping | Allah, mapan tegesing Allah iku dat, mangkana malih : osiking jiwaraga iki osiking Allah ija iku traping Allah asung eling asung awas kadi ta u(pa)mani(ng) gelepung wos (s)atu(ng)gal ketan satu(ng)gal, mangka winor : esak punapa ta yan aranana ewos. e Rijal! ika nyatane yen sasar, mapan beda iku lawan andikaning pangeran ing dalem Qur’an:

“maraja bah’raini yaltakiyan(i) bainahuma barzachim la yabghiyani”.

Tegese : kadi patemoning sagar,a kalih asin lawan tawa, anta arane iku, aworeneng rana. Nyatane tegese; ora kena aranana sagara, tan kena aranana toya tawa, utawi ta i(ng) jenenge iku anta, tegese iku dening linewih saking toya kabeh dadi anarima namaning sigihing sagara. (22) Anapon ing sampurnane iku ta tan ana | panarimane, anging sagara kewala kang angandeh anar(n)aken ing toyane tawa, mapan i(ng) karone iku langgeng apadudon tanpanisih kang anjateni lan kang jinaten. Nora kaja patemoning wong sasar mangkana, kang pasti kekel .sasoring narakani(ng) wong kapir ndening kataksisaning tampane. Karana satuhune sasmitane iku sampun kataksisani(ng) tampane andeandene kaJawan kang ingandekandekaken den kagrahita dene kang sinung awas, katampanana ing ati, sampun ing Iesan kewala. Kewala si ande-ande iku ingambil raket ing paningali(ng) kang sinihan.  Mahasuci sasipating Allah saking atiti(m)ban, gana lan kawoworana, kadi lapal :

kama’lnasu ghara fi’lbahri, tegese : kadi ta wong asilem i(ng) sagara (23) tegese : kaliputan dening | sagara, tegese : tan lumiring i(ng-) ikalihe malih, la yaltafit,tegese : tan emut ; utawi sasmitane lapal malih idha ja’a ‘lmataru  fi ‘lbah’ri, tegese : tatkala teka udan iku ing sagara, (wa) yusamma ‘lbah’ra, tegese : ingaranan sagara.

Utawi sasmitane lapal malih, kadi ta kecaping pandita satengah :

fa waqtan yakunu (‘l)abdu rabban,(tegese :)tatkalaning fana kawula iku awiyos sira pangeran, bila shakkin,tegese : sampun sak malili, (la ‘abda),  tegese : norana kawula sawiji-wijia

illa ‘lrabbu, tegese : anging sira pangeran kang saja angandeh anir(n)aken anani(ng)kang sinihan. Iku salamete ujar iku kabeh.

PUPUH VI

Mangka akecap Shaich al Bari: e Ridjal ! Anaudjaring wong sasar malih, Karramiyyah arane : kang iman tawh’id ma’rifat iku den arani tetep ing pangeran, den (24) karepaken dene wong | sasar iku : sira pangeran aneguhaken ing piambekira yen purba tanpa kufu’ iku tegesing iman, sira pangeran anu(ng)gal paningaling piambekira iku tegesing tohid, sira pangeran awas andulu-dinulu ing ananing piambekira – iku tegesing ma’rifat.

e Rijal! Kupure iku ; iman tohid ma’rifat iku den tegesaken maring paekaning wujud  tunggal : iku karane (yen) sasar. Karana satuhune iman tohid ma’rifat (iku) titiga iku martabat lungguhe ing kawula, tetep i(ng) kang sinihan, dede iman tohid ma’rifat ing Allahu ta’ala. Dudu i(ng)kang angucap iku iman tohid ma’rifat tetep ing pangeran, kang angucap iku dadi kapir! e Mitraningsun ! Kalawan sira aja angucap kadi pangucaping wong sasar ika, manawa sira dadi kapir, mapan akatah. angucap kadi anutur ujaring wong sasar iku, (25) sami atunggul sastra. Aja sira gumawok, | sampun  gingsir idepira; balikan sira den awas angawikani ing awakira lan aja pegat mushahadahira ing pangeran.

Tegesing awakira iku sarira kancegrahan : singgih puniku mina(ng)ka paesanira enggenira awas ing sih nugra(ha)ning pangeran. Ye(n) tansah anugrahani asung wruh, anjateni ing sarira kanugrahan, mapan solahing sarira kanugrahan iku tan antara lan sih nugrahaningkang anjateni ; dadi sira aja tumingal ing Iyan, tumingala sira ing sih nugrahaning Allahu ta’ala uga, dadi sira antuk madyaning tingal salamet sira ing dunya dateng ing aherat, antuk sira jenenging manusya. Lamon ugi sira nora mongkonoa ing tingkahira iki, yakti kapaung tingalira iku mene. Satuhune ananing pangeran kang asifat saja langgeng mahasuci tan Iyan ananira uga, kang tan bastujisim ananira kang purba andadeken kang asifat suksma (26) jati | tan anuksma tan sinuksma tan awor lan salwiring (du)madi kabeh, rehing langge(ng) anani(ng)kang purba,  mapan ananira mahasuci suksmanira wibuh sampurna elok mahamulya mahatinggi mahaluhur, utawi ananira tan ana wikana ing suksmanira tan Iyan(ing) piambekira kang wikan ing suksmanira pribadi.

PUPUH VII

e Mitraningsun! Lamon ana wong angucapa mengkene, kapir : sifat iku ana ing dat, asma’ iku ana ing deweke  iku pon kupur! Mengkene salamete : asma’ ning dat tan Iyaning ananira (ananira) kang asifat saja langgeng mahasuci, kang purba andulu dinulu ing ananira, kang mahasuci amuji-pinuji ing piambekira.

e Mitraningsun! Lamun ana wong angucapa mengkene “sipat sipat, edat edat” ikupon kapir, apa ta kahanan roro iku yan mongkonoa. Satuhune mengkene salamete (27) paekani(ng) sasifatira tan Iyaning ananira. |

e Rijal, mitraningsun ! Ana ujaring wong sasar *Mutangiyah arane akecap : Apa tegese idepe iku denarani ora kapurba : Allahu ta’ala nora amurba, mapan jenenging kawula iki ora, apa ta purbane, mapan mantep pandelenge : Allahu ta’ala nora amurba, mantep amuji pinuji ing deweke, apa ta karane yen amurbaha? Kang angucap iku dadi kapir.

e Mitraningsun ! Kalawan ta kang orana araharahe, kang orana kajatine kang tan awarna kang tan kaya apa nden arani mahasuci purba andadeken iya kang sinembah tunggal. Iku panga(ng)geping wong sasar, *Muntanengiyah arane.

Utawi ana wong sasar sawiji, ‘Arabiyah arane, akecap : sadurunging ana jagat iki kabeh nama Allah pon dereng nyata lan dereng ana iku dat ; mangkana malih dat (28) | iku anyatakaken ing asma’nira, sarta lan dadine jagat iki kabeh, ingupamakaken dat iku kadiangganing wiji-sawiji awit agodong akembang awoh iku sami amuji ing wit, lintang nikmate rasane manise godong sekar woh iku. Singgih puniku rahasya kabeh rahasyaning wit, norana rahasya wawaneh ; kabeh iku rahasyaning wit : (i)ya iku tegesing dat samata  ika tanpa sifat tanpa af’al. Tegese iku : date qadim, sifate af’ale muh’dath anging dat kewala kang ana dewek tanpa rowang. Mangkana malih kahanane jagat iki kabeh rahasyaning dhatu’llah, mapan pujining kabeh iki iya amuji ing dewekira iku. Tegesi(ng)kang amuji ing date kang pinuji ing date kang aningali Allah. Tegese jagat iki kabeh gelaring wiji sawiji, maksih sawiji, tan ana wawaneh, kadi ta ang(29)gani(ng) wesi | bariyuh sawiji, wonten dadi tumbak, dadi duhung  tatah wadurig panyukur, dadi usu cacatut

edom kadut, linebur pinalu dadi tosan malih : dene si asale saking wesi sawiji mulih kadjatine sawiji. Mangkana rnalih osiking jiwaraga iki osiking dhatu’llah paningaling kawula iki rahasyaning dhatu’llah. Kang angucap iku pasti kinekelaken sasoring narakaning (wong) kapir kang anembah ing brahala ika.

Mangka anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun ! Ana si sabda kang kocap ing sastra ika kadi ta andikaning dalil dateng ing h’adith :

alinsanu sirri wa ana sirruhu,

tegese andika iku : rahasyaning manusya iku rahasyani(ng)-sun, ingsun pon rahasyane. Tegese iku : dening rahasyaning manusya iku tansah dinaten i(ng) sih saking pa(nga)kening sihing dhatu’llah dadi rahasyaning manusya (30) iki tansah anarima angestoken umiring | pangakening sih rahasyaning dhatu’llah. Iku wiyosing panarimaning manusya kang linewih sinelir ika, mapan sira pangeran kang saja asih angasihi ing piambekira iku minargaken panarimaning lisaning manusya, kewala si sihi(ng) kawula iku minangka walesaning angasihi edat ing sifat af’alira, dadi darma malesi kewala lisaning kawula iki.

e Mitraningsun ! sira pangeran agelar ing kawidagdanira anyata(ka)ken ing saniskara kabeh kasaktenira dat-sifat-af’alira. Kalawan kawruhana salwiring pakaryanira norana apakarana saking kawula utawi anaha sakedep netra ing angenangene, anaha uga apakarana saking kawula kupur.

PUPUH VIII

Kalawan ta sira sami aulaha saca, nden akehakeh wedinira lan awiranga sihing pangeran, aja sumambarana kalawan sira angrasanana;

1. mamanising asepi
2. mamanising (31) | aluwe
3. mamanising urip
4. mamanising rame
5. mamanising lara
6. mamanising pati.

Mangka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi mamanising asepi puniku kalawan mamanising aluwe? Mangka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Tegesing mamanising asepi iku tan keneng apasah tansah akarwan lulut lan pangeran Iku wiyosing asepi ika (i).

Anapon mamanising lapa iku kawruhana jeroning lapa iku tansah angrasani ni’mat saking sih nugrahaning Allah. Iku wijosing lapa ika.

Anapon mamanising agesang iku : kawruhana jeroning uripira iku tansah lumampah ing pakening sabda purba – wisesaning pangeran. Iku wijosing aurip ika.

Anapon mamanising arame (iku) : kawruhana jero(ning) rame iku yan sati(ng)kah-polah iku minangka pangi(n)(32)tipanira dadi katingalan sih nugrahaning pangeran | kewala. Iku wijosing arame ika.

Anapon mamanising alara (iku): kawruhana jeroning alara iku angrasani  pakenake iku, ing enenge ing osike ing pangaduhe ing pangesahe, iku mina(ng)ka pamudjine. e Ridjal ! Yen sira wruha ing awakira iku, yen tansah angrasani ni’mat saking sih nugrahanira  sadum parentahira, mapan tan antara kang amolah lawan kang pinolah! Iku wijosing lara ika.

Anapon mamanising pati iku : kawruhana jeroning pati iku ye(n) tansah jinaten ing sih tan sinung mulat i(ng)kang Iyan malih, dadi nir patine kandeh kaganten kalingan anane dening wibuhing sih, (ing) anani(ng)kang saja asih anjateni kewala tan Iyan anani(ng)kang sajaagesang langgeng amuji-pinuji andulu dinulu ing pandulunira. Iku wiyosing pati ika.

Lamon ugi nora mo(ng)konoa, i(ng)kang atapa iku | (33) tingale saparti h’aywan tingale z’ahir batine wong iku sato uga!

e Mitraningsun! Mapan kang sinung wikan iku wasil paningale ing pangeran, tan ana patine, salamet ing dunya, urip ing aherat. Kang nem parkara iku ta poma ®) den sami kalampahan denira den sami kacep kabeh.

PUPUH IX

Ma(ng)ka matur Rijal : ya guru amba! Punapa ta puniku lampahing wong lewih?

Mangkaanabda Shaich al Bari : e Rijal! (Lam)pahing wong lewih iku kabeh yen ta sira wikana, mangkana luputa ing paningalira iku kabeh, mapan sakatahi(ng)kang karasa i(ng)kang tiningalan miwah ing osike jiwaraganira iku kabeh, ing enenge, ing duka-cipta nastapane kabeh iku dudu lan deweke saparti batang lumampah ; anging lumampah lan idining sih kaharsaning pangeran ugi. (34) Ika mina(ng)ka sapatemonira lan | pangeran, mapan reke osiking jiwaraganira iku sarta lan sih nugrahaning Allah, tatapi osiking jiwaraga iki sarta lan dhatu’llah, tegese :  tan aganti lan pangawasaning Allah. Anapon kawula kang sinung sampurna tingale maring anane jaga(t i)ki kabeh i(ng) rupane ing solahe dadi kedape tingale anging wiyosing tingal iku : sira pangeran kewala.

e Rijal! De(n) wruh sira ing anane awakira iki, karane ing anane ing patine duk sira durung dadi, aduwe paran €) sira samana, utawi si ing tembe dening maksih ina ing jenengira iki, tegese dening kalintang tanpa derbe ^). Utawi aderbe paran sira samana, mapan ananira iki ingupamakaken kadiangganing wawajangan, kewala sidening kinarsaken enggening anunggal (pa)ningalira i(ng)kang angilo pribadi, kang aningali tiningalan kang (35) asih sinihan tan Iyan(ing) | piambekira. Kewala si panduluning kawula iki pina(ng)ka cihna panduluni(ng)-kang asih (asih) sinihan ing dewekira dadi nir panduluni(ng)kang si(ni)han kawibuhan dening sihira kang saja aningali, kewala si panduluning kawula iki darma amalesi.

Ma(ng)ka jan ana akecapa mengkene : kang angilo iku nora aningali wawayangan,  kang angucap iku dadi kapir. Kalawan ta sira adja  gingsir lamun dinedeken ing wong, den apageh idepira. Yen malih sira gingsira, tan antuk pastining kawruh kalawan iman, karana wong kang angluputaken iku ana kang olih marga abener iku, ana kang olih marga sasar. Anapon kang olih marga abener iku : tingkahe wong iku arep pada pada nora malih amelag rarasan sajane amamarahi winarahwarahan, tan ajun dadosa patakenan angilapaken agelisa mengeti ®(36) ing salamete, tan ayun agungena ing awake, | tan ajeng angakena ing kabisane, tan ayun akarya-karya, tegese : dening asanget awedi lan awimng ing pangeran :  iku reke cihnaning wong sinalametaken, sinung marga abener dening pangeran, iya iku kang sinung wasil paningale antuk idep tan pegat sinalametaken ing dunya dateng ing aherat.

Anapon kang a(ng)luputaken a(n)tuk marga sasar iku, angilapaken tan asadya amamarahi amalaku ing idep(e), agungaken ing kabisane ayun ing hormataning wong kalingan dene awake dening agungaken ing kabisane. Utawi tingkahe wong kang mongkono iku pancanetra sawadiane  oliha ing karsane dene si i(ng) sad-yane arep dadia pangulu  utawi lampahe kabisane arep kapiarsaha ndening wong akeh aduwe ‘ilmu sakecap agepeh den wejangaken abungah aburu alemaleman. Iku reke ©(37) | cihnaning wong sinungan jaza’ dening pangeran tan pegat susahe arubiru, tan eca atine dening awet amet gingsiraning wong dene si arep kasihana ndene samasane  machluq. Ikpe lah kang kinaumaken lan Iblis - la’natu’llah.

e Mitraningsun! Sira kabeli adoha sira saking wong sasar lampahe kang mo(ng)kono iku, manawa sira katularan sasar; balikan sira anedaha sakauraa kalawan kang sinihan ika, i(ng)kang tansah ing sihing pangeran, anedaha sira sing patulunging  pangeran.

e Mitraningsun! Kalawan ta sira aja nga(m)bil dedening wong, utawi aja sira murtadd ing samitranira kang asih ing sira. Kupur hukume ! Tegese asih iku amamarahi kawruh kang sabenere. Wenang mitra iku yan ti(ng)galena, yen wus nyata pangucape iku yen sasar, selang

iku si aja sira mu(ng)kir pisan tedakena ing pangeran, sang(38)ka(na)ne abalika ®| agelisa atobata ni(ng)kaha malih kalawan

rabine. Iku salamete. Kalawan ta sira aja anyipta dunya, kalawan aja sira murtadd sami-saminira islam!

e Mitraningsun! iya kang keneng sakawan parkara iku, kalintang kinagedegan dening pangeran. Wong kang mo(ng)kono iku mesum  ing dunya dateng ing aherat. e Mitraningsun ! Karana sira iki apapasihana sami saminira islam lan mitranira kang asih ing sira lan anyegaha sira ing dalalah  lan bid’ah.

PUPUH X

Mangka anabda Shaich al Bari : (Ru’yatu’llahi) arus tan arus.

Mangka matu(r) Rijal :  ya guru amba! Kadi punendi tegese andika tuwan puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari : e Ridjal! tegesing ru’yat iku : aningali ing pangeran, ing aherat lan mata kapala, ing dunya lan mata ati. Nora arus ing dunya aningali ing pangeran iku lan mata kapala, kalawan arus (39) ing tembe | aningali ing pangeran iku lan mata kapala. Tegesing mata kapala iku, paku(m)pulaning sakatahing paningal kalintang dening sira pangeran asung ni’mat anampurnaken ing paningali(ng)kang sinihan. Ingucapaken kang paningal iku kadiangganing pati ing undake ta lisah, kadi ta pisang mentah nyadam mateng ing undake dalu, kadi ta angganing sasi tanggal sapisan, ana kang kadi tanggal pi(ng) kalih, ana kang kadi tanggal pi(ng) tiga- ing undake ta kadi purnamasada ®.

Tegese iku ta kabeh dening saja mundak martabate sinampurnaken tingale dening pangeran dadi tan sak tingale ing dat-sifat-af’alira ; mapan kang tiningalan bila tashbih, kang aningali pon bila tashbih.

Mangka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi sa(ng) sipta andika tuwan puniku?

Mangka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Siptane iku ®(40) ta | dening jinaten sinampurnaken tingale dadining tingale mantep kadi duk dereng ana mangkana – ma(ng)kana siptane iku – anging anane kang sadja anampurnaken kewala, kang langgeng amuji-pinuji ing piambekira.

Nora arus ing aherat aningalana ing Allah lan mata ati : iya iku salamete ujaringsun : “tan arus” ika. e Mitraningsun ! Beda kadi ingishtarataken wulan ika kadi kang kocap ing sastra : andikaning h’adith dateng wali mu’min kabeh :

innakuni satarawna  rabbakum yawma ‘lqiyamati kamatarawna ‘lqamara fi lailati ‘lbadri,

(tegese:) karana satuhune sira kabeh aningali ing dina kiyamat ika kadi ta sira aningali wulan ing wengining tanggal pi(ng) padbelas,

amma damiru ‘lqamari ‘llahu munazzahun bila kaifiyyatin c),

Anapon kang linamiraken  dateng ing sasi iku  pangeran uga mahasuci kang tiningalan tan kadia ande-ande tan kataksisana. |

(41) Mangka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi  sasmitane linamiraken dateng ing sasi puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! . Siptane iku dene tan nyatanira aningali ing pangeran dadi inga(m)bil sa(ng) siptaning sasi ika raket i(ng)kang tiningalan ing(kang) aningali ing pangeran mapan bila tashbih sasifatira, ing mangkin pon boya esak denira angawikani ing ananira tan bastu djisim rehing langgeng ananira mahasuci.

Mangka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Nora kaja ujaring wong sasar mangkana ora kecape : satuhune kang tiningalan ing tembe kadi wulan iku nora maring kang tiningalan nora maring kang aningali ma(ng)ka kang angucap iku dadi kapir. (a’udhu bi’llahi) minha!

PUPUH XI

Mang(ka) akecap Shaich al Bari  kan g sinampurnakaken iman(e) tohide ma’rifate dening Allahu ta’ala e Mitraningsun! Den sami awa(s) sira ing pangeranira, den ©(42) sami angestokena, | kalawan sira anglaranana sarira tegesing anglarani sarira iku : aja sira sukasuka awakira — kalawan ta aja mamaesi pangan(ira) panga(ng)genira turunira ing dunya. Atinira aja madep ing Iyan balikan sira asukansukanana akalangena lan pangeran.

Mangka matur Rijal : Sarwia subakti, anuhun ing jeng, ya guru amba! Kadi punendi kang iman singgih  dede puniku, i(ng)kang tohid singgih kabeh, kang ma’rifat dede kabeh?

Mangka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Kang iman singgih dede puniku dening paningaling iman ambedakaken ingkang ala kalawan kang abecik. Utawi panggawe ala nden kawruhi yan tan kinatujon dening pangeran.  Iku karaning siptaning iman singgih dede.

Anapon kang tohid singgih kabeh : dene si paningaling tohid iku, tan lumiring ing singgih dede malih, kang den. ® (43) tingali tan Iyan pinangkane kewala dadi | ing tohid singgih kabeh.

Anapon kang ma’rifat dede kabeh ndene si awase paningale iku kang tunggal maring pangeran iku, dede sajatine tingale dadi syuh sirna tingale dening kandeh, kaganten kalingan tingale dening tingali(ng)kang sadja aningali tiningalan tan Iyan paningalira uga, tunggal kang aningali kabeh. Iku wiyosing “pamuji kang amuji kabeh.

PUPUH XII

Mangka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi ma’rifat (t)igang prakara punika, kadi kang kocap ing sastra : ma’rifatu dhati ‘llah, ma’rifatu sifati ‘llah, ma’rifatu af’ali ‘llah), kadi punendi sang siptane katiga punika?

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Tegesing ma’rifatu dhati ‘llah : kawruhana ananing pangeran kang mahaluhur yan tunggal tan kakalih sasifatira sadja langgeng kekel mahasuci tan bastu-djisim tanpa arah  tan

(44) ® misra  | tan awor tan anuksma tan sinuksma, rehing langge(ng) ananira mahasuci wonten ing iskinira ing piambekira langgeng ing karatonira tan owah tan gingsir ing pa(ng)lilanira.

Anapon ma’rifatu sifati ‘llah : kawruhana kahananing pangeran asifat h’ayyun : urip langgeng tan kalawan nyawa, angawikani tan kalawan budi, kawasa tan kalawan anggauta, aningali tan kalawan aksi, amiarsa tan kalawan karna, akarep tan kalawan angenangen, angandika tan kalawan lati swara, langgeng kekel mahasuci tan kadi ing dumadi kabeh.

Anapon  ma’rifatu ‘laf’al : kawruhana sifat-pakaryaning pangeran : akarya tan kalawan parbot, asung tan kalawan asta, amejahi tan kalawan karga.  Iku tegesing ma’rifat tigang warna ika.

Anapon cihnanira  yan asifat urip sadja ana wruh (45) kawasa iya anguripi angawasakaken Iwiring | kawasa kabeh, yan anguripi Iwiring urip kabeh : iku enggene nyata. Lan ta sira den sami bakti nastiti paken, lan den aseruh wedinira ing pangeran. Lan raksanen pangucapira saking kadi pangucaping wong sasar punika : demi akecap, dadi kapir, mapan kecap iku medal saking wicarane atine, medal i(ng) lisane, kadi ta wong aguguyon : “ingsun ing tembe sapuluh taun iki arep milu dadi kapir”, demi angucap kadi iku dadi kapir.

e Mitraningsun! Pira wangene idepira! Sakecap sakedap nora yan sira mongkonoa, tan kapira. Kadi ta ujaring wong sasar, manjing kataksisan ing atine, Ka b a t a n I y a h  arane, kecape ta : sira pangeran ma’dum binafsihi sira pangeran napi. Demi akecap dadi kapir.

PUPUH XIII

e Mitraningsun ! Aja awasta  sira aja wong kang mo(ng)kono iku, karana mesum i(ng) dunya (a)herat (46) amitraha sira sampun, tatapi | ta akatah ujaring wong sasar kang Iyan saking puniku, kadi  ta ing kina S h a i c h Supi, Shaich Nuri, Shaich al Djaddi, sami akecap, kagepok ing ujar sasar, mangka kinupuraken denira Imam Ghazali kang awasta ‘Abdu ‘larifin. Tuwi sakatahing sisyane masaek titiga ika sami kinen atobata lan kinen ani(ng)kaha malih kalawan rabine. Mangka akecap masaek titiga ika sami atu(ng)gul sastra, yan sira pangeran ora andadeken. Akecap Shaich al Djaddi :

“alawwahi ‘llahu ta’ala qabla (kulli) shai’in tegese iku : dihin sira pangeran ora andadeken, sadereng ana sawiji-widji iki.

Ingsun malih ama(ng)geri : sira pangeran dihin sadja andadeken langgeng tan ama(ng)sa, tan asifat wali-wali tanpa wiwitan tanpa wekasan.

Jata sun aturaken dateng padjenganira Imam Ghazali – rah’matu ‘llahi ‘alaihi.

Ma(ng)ka matur Rijal: ja guru amba ! Kadi punendi (47) masaek | titiga punika sami tumut amarek ing Imam Ghazali?

(Mangka akecap Shaich al Bari): e Rijal! Sami tumut masaek titiga ika amarek ing Imam Ghazali : demi katingalan mangka tiningalan masaek titiga ika. Winanpaosaken : a’udhu bi’llahi minha : anglindung amba ing Allah, dohena amba saking marga sasar.

……man ittaba’a ‘lhuda moga lah sira anuta ing margaabener, mapan kinawikanan Shaich Supi, Shaich Nuri, Shaich al Djaddi sami kagepok ing ujar sasar.

Yata ingsun ingulukan salam denira imam Ghazali : Alsalamu ‘alaikum, ya Shaich al Bari, kang sinalametaken dening pangeran kang rinaksa dening Allah saking kagepoka ing marga sasar : punapa karsa tuwan ?

Mangka ingsun atur jawab anapani i(ng)kang (ng)andika imam Ghazali — rahmatu ‘llahi ‘alaihi : ya imam Ghazali kang jinungjung darajate ndening pangeran i(ng)kang amadangi ing wong akatah  : amba matur (48) ing tuwan jen Shaich Supi, Shaich Nperi, | Shaich al Djaddi sami akecap: “Allahu ta’ala nora andadeken”.

Mangka angandika imam Ghazali amaca : a’udhu bi’llahi minha, ya Shaich Supi! (Ap)a siptane ujar tuwan puniku ?

Jata matur Shaich Supi : ya imam Ghazali! Nora idep amba yan pastia kadi punika : Sira pangeran tan andadeken iku, kewala si sang siptane kecap amba puniku kadi sabdaning wong ‘arif kang karem kahanane paningale ing pangucape ing kahananing Allah dadi amba angucap : Allahu ta’ala ora andadeken.

Mangka angandika imam Ghazali :  ya Shaich Supi! kupur tuwan ing patang madh’hab dening tuwan akecap anakisaken sifating pangeran karana ujar tuwan puniku awit angorakaken angapesaken sifating pangeran iku karan tuwan kupur. Tuwan tegesaken kadi kecapi(ng) wong ‘arif ika : nora mongkono sabdaning wong ‘arif (49) ika, kewala si | semune wong ‘arif iku kadi lapal iki sang siptane :

la ya’rifu …….. la yanz’uruha la yunkiruha ®), tegese : wong ‘arif iku nora kabar ing anane, nora enget ing paningale ing pangeran, nora weruh : tegese iku ta sang siptaning jinaten kandeh kaganten kalingan anane pangucape paningale dening ananing sih nugrahaning pangeran kewala, i(ng)kang asung fana’. Mangkana sang siptaning wong ‘arif ika ora kaja tuwan mo(ng)kono, anakisaken sifating pangeran : iku karan tuwan kagepoking ujar sasar, kagepok ing wong Mu’tazilah.

Mangka angandika imam Ghazali : ya Shaich al Djaddi! Apa siptane ujar tuwan puniku?

Ma(ng)ka matur Shaich al Djaddi : ya tuwanku imam Ghazali! kecap amba kadia puniku Allahu ta’ala ® (50) nora andadeken puniku — saderenging | ana rasulu ‘llah sawiji-wiji dereng ana lawh’ qalam ‘arsh kursi swarga naraka, awang-awang uwung-uwung, ikupon norana; sawuse sirna kabeh, ikipon maksih mangkana uga, anging sira pangeran uga dewek tanpa rowang nora andadeken dewekira : iku mah’alling dhat mulaq jatining ma’dum binafsihi, nora ing deweke : iku tegesing tunggal ing katu(ng)galanira, ratu ing karatonira, agung ing kagunganira, mangka nyata ing kahananing Muhammad, angarsaken ing panggawenira, nyata ing saniskara kabeh.

Mangka imam Ghazali akecap — kang linewihaken kapanditanira, kang tiningalaken ing lawh’ almah’fuz i(ng) jerone wetenge ibunira, i(ng)kang winenangaken angiket Usul Suluk ing jerone wetenge ibunira — :  ya Shaich al Djaddi! Kupur lah tuwan ing patang madh’hab, mapan kahananing Allahu ta’ala dihin sadja purba akarsa (51) teka | ta sira arani bodo, sira arani mukup dereng akarsa, dereng andadeken, sifating pangeran dera arani ama(ng)sa-ma(ng)sa. Iku kupurira. Yen ta baya  i(ng)sun wenanga amejahana ing sira, supaya sira sun gantung  sungsang tur sarwi sun pedang kalintang-linta(ng) denira cala-culu ing pangucapira. Karana satuhune mahasuci sifating pangeran saki(ng) kadia ujarira iku!

Anapon kahananing Allahu ta’ala qadim sasifatira miwah saderenging ‘alam iki kabeh anging kahananing Allah kang asifat sadja langgeng mahasuci sasifatira dewekira tanpa kufu’ sadja suksma asih langge(ng) andadeken tanpa wiwitan tanpa wekasan tan asifat wali-wali. Karana satuhune sifating pangeran suksma langgeng mahaluhur ananira kang asifat sadja tan kena ucapakena : “dereng andadeken, (52) sampun andadeken ‘alam iki kabeh”, angi(ng) | kahanan ika suksma akaharsa langgeng andadeken, mapan sifatira ‘alimu ‘Ima’lum, chaliqu ‘Imachluq, qahiru Imaqhur, qadiru ‘lmaqdur kun fajakun : endi ta uwus-durungira andadeken?

Mapan ananira kang asifat sadja agung ing kagunganira, ratu ing karatonira, tunggal ing katunggalanira, amuji ing piambeki(ra), miwah sasampune djaga(t iki) kabeh inganaken, langgeng ananira tan owah  tan gingsir ing piambekira dawak : tan beda ananira lan sahananing ‘alam lan saderenging alam, ananira uga kang sadja langgeng kekel mahasuci maksih ing karatonira tan owah tan gingsir.

Mangka ingandikan Shaich Nuri :  ya Shaich Nuri! Sira pangeran tuwan kecapaken – nora andadeken iku apa sang siptane ?

Mangka matur Shaich Nuri :  ya imam Gha(za)li! Kadi punika kaharsa amba : djagat puniki kabeh nora (53) dadi de(ning) nama, dadi | dening panggawe?

Ma(ng)ka imam Ghazali angandika : ya Shaich Nuri! Kupur idep tuwan puniku ! Apa ta kahanan roro iku asma’ sifat iku : satuhune kahananing pangeran asifat sadja andadeken sasifatira chaliq, mapan sifatira tan Iyaning ananira.

Hai’atu ‘lwujud hai’atu ‘lmafhum : mangkana ing balike hai’atu ‘lmafhum hai’atu ‘lwujud : endi ta wawahe iku, mapan paekaning wujud tunggal tan kakalih, mapan sifatira sifating dat, (af’alira) af’aling dat, utawi ja(ti)ning asma’ iku kakalih paekane asma’u (‘l)sifat asma’u ‘ldhat iku paekaning sasifatira tan Iyaning ananira. Anapon chaliq machluq iku pasti kahanan kalih, tan apisah.

Ma(ng)ka imam Ghazali angandika: ya Shaich Supi, Shaich al Djaddi, Shaich Nuri! chilaf idep tuwan puniku, kupur tuwan ing patang madh’hab.

©(54) Ma(ng)ka masaek titiga punika sami aneda | tinobataken (den)ing imam Ghazali.

Mangka angandika imam Ghazali — kang sinung rah’mat dening pangeran :  ya Shaich Supi, Shaich al Djaddi, Shaich Nuri, nora kawasa amba anobatakena walining Allah, Abecik yan tuwan atobata piambek ing pangeran wong sowa(ng) sami amarenana idep tuwan kang kupur puniku. Yen ta baja tuwan tan amarenana ing idep tuwan kupur puniku, supaya tuwan linungsur jenengira wali dening pangeran miwah sakatahing wong sanak tuwan sami anganyarana iman kalawan (n)i(ng)kah lan tuwan tobatena.

Amba amiarsa kang ngandika nabiyyu’llah, salla’llahu ‘alaihi wasallama — tur amba ingandikan piambek – e imam Ghazali! Lamun ana manusya akecap me(ng)kene “kahananing Allah nora asih, nora ‘ngasihi, nora andadeken, asma’ nira nora andadeken”, anirnaken (n)ugrahaning pangeran (55) lan amor paekaning sifating pangeran, | lan kang aliyanaken sifating pangeran, angapesaken sifating pangeran,  e imam Ghazali! aja esak lah kapirena wong kang mongkono iku, dudu umatingsun, kalawan ta Allahu ta’ala aken angulatana pangeran wawaneh lan kinen angulatana panutan Iyan saking nabi Muhammad. Yan tan amarenana atobata pakecapi(ng) kang kupur iku supaya sira salameta!

PUPUH XIV

e Mitraningsun! Singgih puniku kang pawetra imam Ghazali ing i(ng)sun kalawan masaek titiga ika.

e Mitraningsun! Atutur malih imam Ghazali : i(ng)kang ngandika nabiyyu’llah, ‘alaihi ‘lsalam,  tinutur ing i(ng)sun lan masaek titiga ika : ya Shaich al Bari, Shaich Supi, Shaich al Djaddi, Shaich Nurir miwah samongko kang (ng)andika nabiyyu’llah salla’llahu (56) ‘alaihi wasallama, kalawan malih pamanggihingsun ing sastra : Poma sira | aja  anakisaken sifating pangeran saderahing angenangenira anakis(ak)ena sifating pangeran. Anapon kang (tan) kinarsaken dening pangeran tan ana

kajatine, telase iku ta dening tan kinarsaken dening pangeran tan ana pisan iwa mangkana nora luput ing kawruhing pangeran kinawruhan sami pisan tan asifat waliwali, tegese dening lewih mahasucinira langgeng kekel ing karatonira beda lan awangawang ingkang ana kadjatine ika,  mapan kang ingaran awangawang iku : netra kalih, sawidji awang-awang kang ana kajatine, kang sawiji kang orana kajatine. Muwah ulatana selaning pitung bumi (selan)ing pitung langit, lan selaning lintang selaning wedini(ng) sagara, lan sajabaning bumi langit, selaning ciptariptaning ati : ikupon ora kapanggih. Tegese iku dening tan (57) kitiarsaken karaning | tan ana pisan.

e Mitraningsun! Jen ana angucapa mengkene : kupur! : “Awangawang iku nora dinadeken” …. kupur !  tegese : angapesaken sifating pangeran. Mengkene salamete : kang tan kinarsaken awangawang kang tan ana kadjatine; kang kinarsaken awangawang kang ana kajatine, mapan sira pangeran andadeken saniskaraning dumadi kabeh saki(ng) nora dadi ana kadi ta reke sira pangeran tan pegat tan asifat wali-wali, utawi andadeken kang alembut lewih le(m)bute saking banyu, (ana) lembute malih geni lewih le(m)bute, ana lewih lembut malih kukus lewih le(m)bute, ana lembut malih angina lewih lembute, ana le(m)but malih antara lewih le(m)bute, ana le(m)but malih dharrah lewih le(m)bute — ana ing jeroning awangawang — ana kang lewih le(m)bute malih (58) sini(m)pen dening pangeran saking purba kaharsaning | pangeran andadeken tan kena dinugeng budi anging kaharsanira dawak kadi ta kang dinadeken sajagat salaksa patang ewu, iwa mangkana iku anereh  saking kang (ng)andika nabiyyu’llah (Muhammad al)Mustafa : …… tegese iku ta dening witing dumadi iku witing kanugrahan. Tan ana nabi lewih utama Iyana Nabi Muhammad (al)mustafa kang pina(ng)ka panutup nabi. Iwa mangkana kahananing pangeran kang lewih mahasuci anjateni ing kakasihira, malah inga(na)ken kadi tunggal dening saking seruning sihira jinaten ing sifat-dat-af’alira dadi nir ananira kang jinaten anging kari anane kang anjateni kewala. Mangkana malih anani(ng) wali mu’min kabeh i(ng)kang ananggung titipan kadi ta iman tohid ma’rifat kabeh iku saking kang sih barkat nabiyyu’llah (Muhammad) (al)mustafa dening awiyos kapit  ing sihing pangeran lan kang (ng)andika nabi — alaihi ‘lsalam, (59) i(ng)kang | atuduh marga abener — witing kanugrahan iku lewih demite.

e Rijal! Mapan ta reke saderenging ana iku sampun angema ana ingaran ‘adam mumkin.

e Mitraningsun! Mangkana malih sira aningali salwiring dumadi kabeh iki den tunggal ing paningalira tan Iyana kang kadulu kang andsideken kewala.

e Rijal! ikupon maksih serik : tingale ing sampurnane iku ta lamon uwus (s)ima tingale, kantun kang asung awas kewala aningali tiningalan asih sinihan ing piambekira.

e Rijal, mitraningsun! Beda kadi ma’dum sirf ika dene tan kinarsaken, karaning tan ana pisan. e Rijal, mitraningsun! Ana pandita iku kang apaesan ma’dum.

Mangka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punapa sang siptane puniku?

Mangka anabda Shaich al Bari  kang sinukan dening Allah : e Rijal ! Sang siptane udjar iku sambi (60) liwat | sampun kataksisan ing tampa, kewala si iku dening djinaten ing dat-sifat-af’alira dadi kahananingkang sinihan ika kadi nora kadi duk durung ana mangka(na), babatange labete gandane sadidik pon norana kari dening kalindih kaganten kalingan anane deri(ng) kang sadja asih anjateni i(ng)kang amibuhi langgeng kekel asih sinihan ing piambekira. Iku kang papanggeran imam Ghazali saking kang barkat andika rasulu’llah, ‘alaihi (‘lsalat) wa ‘lsalam.

e Mitraningsun! Yata atutur malih imam Ghazali ing i(ng)sun.

Mangka matu(r) Rijal : ya guru amba! Punapa kang pinituturaken ing tuwan ?

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Singsapa wruh ing sisimpenan limang parkara iku, ma(ng)ka antuk sisimpenaning nabi wali mu’min kabeh. Muwah singsapa anyecep sisimpenan limang parkara, ma(ng)ka wruh ing (61) jiwaragane yen kandeh kaganten anane dening | wibuhing sih, anani(ng)kang anjateni, dadi syuh sirna jiwaragane tan Iyan anani(ng)kang sadja purba akaharsa langgeng kekel mahasuci, tan owah tan gingsir, tan a(sifat) wali-wali, anging ananira uga kang asih asifat sadja urip wibuh kawasa aningali amiarsa anabda purba langgeng kekel ing karatonira. Miwah singsapa angawikani ananing pangeran, duk sira durung ana    sawiji-wiji iki kabeh lawh’ qalam ‘arsh kursi dereng ana awangawang uwunguwung.

Ma(ng)ka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi siptane puniku?

Ma(ng)ka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Tegese iku sang siptaning sampurnaning ma’rifat kadi ta sira tan wikan ing pangeranira utawi ing ananira mangko iki mantep ka’lma’dum, tegese : kadi duk durung ana mangkana tan beda (62) lan saderenge ana lan sawuse ana waluja | mulih maring jatine kadi duk dereng ana, anging kang asifat sadja langgeng kekel mahasuci ratu amengka tan owah tan gingsir, tuwi nora beda ananira saderenging ‘alam lan sawusing ‘alam lan sahananing ‘alam, anging ananira uga kang langgeng kekel maksih ing karatonira tan owah tan gingsir pasti ananira kang asifat suksma wibuh, langgeng mahasuci tanpa tuduhan.

PUPUH XV

Ma(ng)ka anabda Shaich al Bari : e Mitraningsun Ana kecaping wong sasar satengah: “Lam yalid walam Yulad” iku den arani sifating pangeran :  ikupon kupur. Apa ta sira pangeran asifata oraora anakanak kalawan kang inganakanakaken puniku kang tan inganakanakaken lungguhe sifating pangeran “Lam yalid walam yulad” iku tegese sifatira mahasuci ora anak-anak, tan inganakanakaken (63) | ora malih awit ora.

Utawi si singsapa angraosi sifating pangeran awiyos ta awit salab, iku kupur, e Rijal, mapan ing(kang) aran salab iku den(ing) awiyos awit sifating pangeran mahasuci :  iku salamete.

Mangka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi kang ingucapaken kadi wirasani(ng) sastra : siptaning Usul punika dhatu‘llah kewala?

Ma(ng)ka anabda Shaich al Bari : e Rijal! Ijaiku sikepi(ng) wong ‘arif :  tingale iku dening awiyos karihin aningali kahananing Allah asifat suksma langgeng mahasuci dihin purba akaharsa andadeken, tan awiwitan tan awekasan, tan a(sifat) wali-wali kadi ta sang siptaning wong ‘arif ika Awangawang-uwunguwung mumtani’u ‘lwujud iku kang den karya paesan kadi talapal : (ja’isu) ‘lwujud af’alu (64) llah. Jenenging qadim :)wadjibu ‘lwujud sifatu ‘llah, | ja’isu ‘lwujud af’alu ‘llah, mumtani’u ‘lwujud dhatu ‘llah.

Anapon jenengi(ng) qadim : wajibu ‘lwujud, tegese sifating pangeran pasti sadja ana ing piambekira, mapan ananira nora beda lan saderenging alam lan sawusing ‘alam, langgeng panglilanira tan ovvah tan gingsir ananira (tan owah tan gingsir ananira) kang agesang asifat sadja wibuh sampurna langgeng kekel mahasuci.

Utawi lamun ana akecapa mengkene : kupur! – tegesing wajib sadja iku kupure mapan jenenging wadjib iku lungguhe ing kawula kang sinihan, mapan — sadurunging anani(ng)kang sinihan, kewala si ika pasti ing kawruhing pangeran — sira pangeran kang asifat sadja aken teka ing waqtune dadi anani(ng)kang sinihan teka angestoken yan jenenging qadim wadjibu ‘lwujud (65) sifatu ‘llah sifatira pasti sadja | ana dadining sifate pangestuning ®) sinihan ika kaganten dening sifatu ‘llah.

Mangka matur Rijal : Sarwia subakti, anuhun i(ng) jeng, ya guru amba ! Tegesing ja’isu ‘lwujud af’alu ‘llah kadi punendi?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal! Tegesing ja’isu ‘lwujud afalu ‘llah pakaryaning wali mu’min kabeh iku pracihnaning sifat pakaryaning pangeran. Anapon jenenging ja’isu ‘lwujud iku jenenging kawula uga, wenang ana wenang ora.

(Mangka) matur Rijal : Kadi punendi wenange ana wenange ora puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal! Wenange ana iku dene si anane iku mina(ng)ka lantaran (eng)gening mulat ing wujudu ‘llah ing sifatu ‘llah af’alu ‘llah ya’ni yen ana kang andadeken.

Ma(ng)ka matu(r) Rijal :  ya guru amba! Tan wenange ta kadi punendi?

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Tan (66) wenange iku sawusing awasi(ng) | ‘wujudu ‘llah sifatu ‘llah af’alu ‘llah utawi katiga iku kinarja pangilon pangi(n)tipaning nabi wali mu’min kang utama.

(Mangka) matu(r) Rijal :  ya guru amba! Tegesing mumtani’u ‘lwudjud dhatu’lHlah kadia punendi?

(Mangka akecap Shaich al Bari) : e Rijal! Tegese iku sang sipta sambi liwat tan dadi wiyosing tingal kang mumtani’ iku, uta(wi) wiyosing tingal puniku dateng kahananing suksma kewala.

e Rijal! Lamun ana manusya akecapa mengkene : “mumtani’ iku den senggeh edat, atawa si edat den aranana mumtani’” — wong iku lah kupur kapir.

Utawi mengkene salamete : Anani(ng)kang sinihan iku jinaten ing dat-sifat-af’alira dadi nir anani(ng)kang jinaten, malah kadi nora dening kandeh kaganten kalingan anane dening wibuhi(ng) sih, ing kahananingkang sadja (67) andjateni kewala | i(ng)kang anampurnaken.

e Rijal! Ija iku kang papa(ng)geran imam Ghazali kang tinutur maring i(ng)sun, mapan norana wong saruparu(pa)ne kang ader(be)ni sikep sisimpenan kadia sipta iku, wong kang pinilih sinelir dening pangeran, wong kang sinung wasil paningale kang kadi kilatlaksanane : iku kang anduweni sipta iku.

e Mitraningsun ! Den sami sira angimanaken ing tuturingsun iki, lan ani(ng)gahana sira kadi sikeping wong sasar ika, mapan angandika  imam Ghazali : kawruhana wong sasar iku tekaning akir jaman maksih ana dene si sisyarie masaek titiga ika nora enti dene anobataken dening kalingan sagara gunung iku kang tan wruh gurune yen tinobataken iku kang maksih angaruaru calaculu pangucape iku i(ng)kang amuruk kababaraken ujar sasar tekaning mangke maksih sasar dene (68) si maksih | wite masaek titiga ika sakatahe malih kang anut maksih mangkana uga dadi kapir dene si iku maksih angimanaken ujare gurune. Bahagya temen ingkang abalik, kang anut i(ng)kang (ng)andika imam Ghazali, i(ng)kang katutur ing sastra iki kabeh!

PUPUH XVI

Mangka akecap Shaich al Bari maring mitranira kabeh :   e -Mitrani(ng)sun! Den sami tetep sira kabeh ing salat limang waqtu. Kalawan sira asidekaha saleh, asidekaha sirr, asidekaha rahasya.

Ma(ng)ka matu(r) Rijal :  ya guru amba ! Kadi punendi ing jero(ning) salat puniku anarika iman atawa nora ?

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! yen si anaha : serik salate, yen si norana : kapir.

Ma(ng)ka matur Rijal : sarwia subakti, anuhun ing jeng, ya guru amba! Kadi punendi salamete ing tampa sabda tuwan puniku?

(69) (Mangka akecap Shaich al Bari) e Rijal! | Karaning salating wali mu’min tan serik tan kapir dening kendit anut kang sebut nabiyyu ‘llah, ‘alaihi (‘lsalat) wa ‘lsalam, — iku karaning tan serik tan kapir, mapan reke kang sinebut andika nabiyyu ‘llah : bila tashbih dadi enir anane, kabeh pon norana kari dening jinaten ing dat-sifat-af’alira dadi kandeh kaganten anane dening wibuhing sih, (ing) ananingkang anjateni. Mangkana ta jeroning salati(ng) wali mu’min iki wiyose pon mangkana uga kadi lapal iki sang siptane :

wa ‘li’tiqadi wa ‘limani wa ‘Itauh’idi wa ‘lma’rifati.

e Rijal! Karane lewih sembah-pujine wali mu’min iku den kawruhi sembah-pujine iku yen tansah jinaten ing sih pinurba rineh dadi ulate maring kang (70) amurba angreh ing enggene sirna | dening kandeh kaganten kalingan dening wibuhing sih, ing ananingkang anjateni : mantep sira pangeran langgeng aurip amuji ing piambekira, mapan Allahu ta’ala amuji ing piambekira iku minargaken ing ra(ha)sya, panarimaning manusya njinataken ing kakasihira. Kewala si lisanmg manusya iki darma amalesi, mapan sembah-pujine nora tingale kang maring pangeran iku pasti dudu sajatine wijose kewala si

iku Iwir pawana marg(an)e tulupane : iku salamete kabeh.

Ma(ng)ka matur Rijal : ya guru amba! Kadi punendi tegesing asidekah saleh?

Ma(ng)ka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Tegesing asidekah saleh iku asung(sung) tan ana ‘ngawruhi, angabakti tan ana wikan, mushahadah tan ana pegate.

(Mangka matur Rijal :)Tegesing asidekah sirr kadi punendi ?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal! (71) Tegesing asidekah esir iya kang tan pegat asrah | jiwaragane ing pangeran lan kang tan pegat angecani atining wong. Tegesing asidekah rahasya iku iya kang andjateni ing kawruh i(ng)kang sabenere lan asung ngelmi ing wong kang tan ana upayane.

Mangka matu(r) Rijal : sarwia subakti, anuhun i(ng) jeng, ya guru amba ! amba amanggih lapal kadi punika qablakum * dhatu ‘llah ma’akum dhatu ‘llah ba’dakum dhatu ‘llah, kadi punendi — ja tuwanku ! — sang siptaning lapal puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal! Siptane iku dening tan amilang paekaning sifat malih, mapan saderenging ana i(ng)kang ingandikan iku, anging kahananing Allah kang langge(ng) asifat mahasuci sadja angandika : mo(ng)kono siptane kabeh iku.

e Rijalu‘llah! Sira mitraningsun kang lewih saking mitraningsun kabeh — sangkane sira sunwastani Rijalu’llah, wong lanang ing Allah, dening asanget lampahira lan dening alungid siptanira : (72) iku | tegesing lanang iku.

PUPUH XVII

Ma(ng)ka matur Rijal : ya guru amba, Shaich al Bari! – kang sinalametaken iman(e) tawh’ide  ma’rifate deni(ng) Hyang mahaluhur : Kadi punendi kecapira Shaich Nuriman dateng ing Shaich Atim :

“Tuwan aningali ing Allah” ? ; kecapira Shaich Atim :  “Aningali amba ing Allah” ; ma(ng)ka akecap Shaich Nuriman: “Yen tuwan aningali ing Allah, supaya tuwan nora kawasa aningalana wawaneh !”…. kadi punendi sang siptane Shaich Atim punika?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal! Siptane Shaich Atim iku dene si sakatahe kang den piarsa kang den ucap iku awiyos maring pangeran kewala tingale siptane Atim iku, e Rijal, karana wong aningali ing pangeran iku sarta lan pangeran dadi ora aningali ing wawaneh.

Matur malih Rijal : ya guru amba! Kadi punendi siptanipun Shaich Nuriman akecap dateng ing (73) Atim: “Tuwan tiningalan dening pangeran?”; | kecaping Shaich Atim: “Tiningalan ingsun dening pangeran” kecaping Shaich Nuriman: “ya Atim ! lamun tuwan tiningalan dening pangeran, supaya kang wawaneh nora aningali ing tuwan”; akecap Shaich Atim :  “Iya kang wawaneh nora aningali ing amba” ma(ng)ka matur Ri jal :  kadia punendi sang siptane puniku ?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal! Siptane Atim iku dene si sakatahe kang tumingal iku tan ana  waneh ingkang aningalaken tan Ijan sira pangeran kang aningalaken dadi siptane Atim iku maring kang asung tingal kewala sadja langgeng aningali tiningalan anakseni sinaksen angawikani kinawikanan asih sinihan tan Iyan piambekira.

e Rijal !. Siptanira imam Ghazali : tunggal wiyose i(ng)kang aningali pangeran i(ng)kang tiningalan pangeran.

(74) Mangka | matu(r) Rijal : ya guru amba! Kadi punendi siptane puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Ridjal! tegese sipta iku dene syuh sirna paningale ing djagat kabeh  dadi siptane iku  tan Ijan sira pangeran kewala kang sadja andulu dinulu ing piambekira.

e Rijal, mitraningsun kabeh! Den sami amiarsaha ing tuturingsun iki! Kalawan sapisan ingsun lumampah ing ara-ara iman, suntingali tindakingsun ika sarta lan idining sih nugrahaning pangeran. Sasampun ingsu(n) lumampah ing ara-ara iman, tumindak ingsun ing ara-ara tawh’id ;  yata suntingali tindakingsun ika tan katon : kang katingalan deningsun ika kahananing Allah kewala. Sasampun ingsun lumampah ing ara-ara tawh’id, lumampah ingsun ing ara-ara ma’rifat: norana kahananingsun :  tingalingsun kang maring pangeran pon nora (75) ana. | Tegese iku dening sampun anunggal tingal dadi nir tingalingsun ika ing tingal tunggal kang tiningal kang sadja andulu dinulu ing pandulunira.

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal! Kadi ta palajaraning wong ‘arif  (al’arifu) : “gharaqtu fi bah’ri ‘l’adami” wong ‘arif iku karem ing sagara ora.

Ma(ng)ka matu(r) Rijal : ya guru amba ! Kadi punendi sang siptaning “sagara ora” puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Rijal ! Sang siptane iku patemoning wong ‘arif kang ora iku dening djinaten dadi nir anane, malah kadi duk durung ana mangkana.

e Mitraningsun ! Ora sun kalewihaken i(ng) wong atapa kang kaliwat sangete kasuta(pa)ne, dereng ta ichlas atine.

Sapisan ingsun lumampah kalintang sangete lampahingsun ika ; ing kerejete atiningsun ika mengkene : mangko (76) baya | ingsun teka ing lampah kang lewih.

Mangka ana swara kapiarsa deningsun : “e Shaich al Bari! Lampahira baya kang dinadeken api naraka ika tinampikaken maring anggautanira kabeh”. Singgih ta saking sih patulunging pangeran tan koninga lampahingsun punika.

Yata wonten swara malih maring i(ng)sun : “Ya Shaich al Bari! Mangko baja sira teka ing lampah kang aluhur anglungguhi sira, yan tan lumampah mulih tanpanembah tanpamuji.”  Mandaha ta ingsun lumampaha karana (bi)rahi lan ayun kapiarsa apened supaya ingsun tinulan dening pangeran kinen angulatana pangeran wawaneh lan kinen angulatana panutan Ijan saking rasulu’llah, ‘alaihi ‘Isalam.

e Mitraningsun, (ora sun) kalewihaken wong kang (77) aderbeni  | kapanditan lan kawruh kang abener, dereng ta ichlas atine.  Sapisan ingsun ginaduhan ngelmu kapanditan lan kawruhing masaek, ing kerejete atiningsun ika : mangko baya ingsun ideping hukum kang ewuh ingkang asamar-samar ika.

Yata ana swara kapiarsa deni(ng)sun : “e Shaich alBari! . sira baya kawulaning Allah kang wuta tuli bisu ika.” Saking sih patulunging pangeran tan koninga kawruh lan (ng)elmu kapanditan ika.

Wonten swara malih kapiarsa deningsun : mangko sira linewih dening pangeran alungguh ing kapanditanira malih yan tanpanembah tanpamudji tanpa tingal. Mandaha ta banggi ingsun aderbeni kawruh lan (ng)elmi kapanditan ika, miringa baya ingsun ing dunya lan kalulutana (78) deni(ng) wong, supaya | ingsun ingaranan acacayad dening pangeran dening kalintanglintang sangete bendunira.

Mangka akecap Shaich al Bari : e Rijal, mitraningsun ! ora sun kalewihaken wong kang aderbeni bangsa ka(ng) kaliwat luhure, i(ng)kang aderbeni kagungan kang kaliwat gunge, dereng ta ichlas atine.

Sapisan ingsun sinungan bangsa aluhur dening pangeran, kalawan kagungan kalintang gungingsun lan deningsu(n) amertani ing wong kasihan: ing kerejete atiningsun ika : Mangko baya ingsun sinung bangsa aluhur kalawan kagungan kang agung iki.

Yata wonten swara kapiarsa deni(ng)sun : “e Shaich al Bari! Sira baya kawulaning Allah kang *ema bahagyaika.” Saki(ng) sihing pangeran tan koninga bangsa kaluhuran ika kalawan (ka)gungan kang agung ika, kang (79) katingalan deningsun ika sih | wilasaning pangeran.

Yata ana swara malih kapiarsa deningsun : e Shaich al Bari! Sira baya kawulaning Allah kang serik ika.

Yata ilang panguningani(ng)sun kang maring pangeran.

Won(ten) swara malih maring ingsun : “ya Shaich al Bari! Mangko (baya) sira alungguh ing bangsanira kang aluhur mulih maring kagunganira malih.”

Yan ta banggi ingsun agungena ing bangsaningsun kalawan kagungan ika supaja ingsun ingaranan munafiq.

Mangka akecap Shaich al Bari : e Mitraningsun! Den abecik-becik  lampahira, den ichlas, sampun kaprikaken sarira, kalawan ing kawruh sampun kadi wong sasar kang pinasti sinasaraken.

Ma(ng)ka matur Rijal : ya guru amba! Kadia punendi kang pinasti sinasaraken puniku?

Kang saur Shaich al Bari : e Rijal! kang pinasti sinasaraken iku iya kang akecap: osiki(ng) jiwaraga iki (80) osiking dhatu’llah, kang | akecap : napi Allah itbat iku Allah ; kang akecap : kawula nora pinurba, sira pangeran nora andadeken, nora amurba : iya iku kang* pinasti (sinasaraken) dening Allah, kang kinekelaken ing soring narakaning wong kapir.

e Mitraningsun sadaja!  Iki si mitraningsun Rijalu‘llah sundjudjuluki : den tiruha dening mitraningsun kabeh : kang kadi macan tanagane, kang kadi kilat laksanane, kang sunjujuluki urip tan kalawan nyawa, kawasa tan kalawan anggauta, aningali tan kalawan aksi, amiarsa tan kalawan karna.

Mangka matur mitranira kabeh : ya guru amba, Shaich al Bari! Punapa tegese sabda tuwan puniku?

(Mangka akecap Shaich al Bari :)e Mitraningsun sadaya! Tegesing Rijalu’llah iku : urip sarta lan pangeran, pangawasane Rijalu’llah iku sarta lan pangawasaning (81) Allah, pamiarsane Rijalu’llah iku sarta lan | pamiarsaning Allah, kadi ta* kang sabda baginda Abu Bakr, radiya ‘llahu ‘anhu : ra’aitu rabbi birabbi.

Tegese : wong kang aningali ing pangeran iku sarta lan pangerane : iku salamete ; tegese : telas-telase ta iku kabeh dudu lan deweke. Tegese wirasaningsun iku : lamun ugi lampahe tingale wong iku ora mongkonoa, pasti wong iku salah, kekel soring narakaning wong kapir.

e Mitraningsun! Mangkana malih tingalira iku kabeh sarta kalawan ing sih purba kaharsaning pangeran ugi i(ng)kang anugrahani asung awas ing kawula kang sinihan lan ta sira den alus (ing) tampanira, inglampahira den aturut-turut kalawan ta sira aja aliliwatan aja alilinyokan, aja pranesa karana wong aliliwatan iku mambet ajnjana (82) tur kasariran, wong kang | mongkono iku ora karana Allah karana shaitan : satuhune wong kang mongkono iku angrurusak anggingsir lampahing wong karan(a) Allah. Wong mongkono iku tan kena dera cekela ujare rehing ara-uru tan pegat sinusahaken atine dening pangeran sakatahe malih i(ng)kang anut mangkana uga susahe atine.

e Mitraningsun! Den sami sira akecapa becik-becik kalawan lampahira z’akir batin anuta kang sarengat, andika rasulu’llah salla ‘llahu ‘alaihi wa sallama asih pramuleha sira ing rasulu’llah, ‘alaihi ‘lsalam marganira anampani sih nugrahaning pangeran. Deni(ng) kang sih andika rasulu’llah, ‘alaihi ‘lsalam, sira iki awiyos kapit (83) ing sih, karihin sihing pangeran kalawan | kang sih rasulu’llah salla ‘llahu ‘alaihi wa sallama.

Mitraningsun! Iku titinggalingsun ing sira kang awet poma anak -putunira sami wekasen, sami anuta wirasaning tuturingsun iku kabeh, karana manawa anut ing wuwusi(ng) wong sasar.

e Mitraning(sun) sadaja ! Baula si akeh yen ingsun, tutura sawirasaning sastra iku anging sira den sami awedi ing pangeran. Aja sira salah simpang, sami sira amriha kasidan.

Tammat carita cinitra kang pakerti * Pangeraning Benang.